Tetep Setya Pancaran Air Hidup 17 September 2026

17 September 2026

Waosan: 2 Korinta 13 : 1 – 4  |  Pamuji: KPJ. 124
Nats: “Sabab sanadyan Panjenengane wus kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka panguwaose Gusti Allah. Pancen aku kabeh iki apes ana ing Panjenengane, nanging bakal padha urip bebarengan karo Panjenengane marga saka panguwaose Gusti Allah kanggo kowe.(Ayat 4)

“Gusti Allah mboten nate janji langit tansah biru, sesekaran tansah mekar tanpa alum, kabingahan tanpa tumetesing luh. Ananging Gusti Allah prajanji maringi kakiyatan lan kasagedan saben dinten.” Dhawuh punika asring kita mirengaken nalika badhe mungkasi pangabekti Minggu ingkang ngengetaken kita bilih kawontenan rekaos saged kalampahan ing gesang kita sadaya, ananging ingkang rahayu inggih punika sok sintena ingkang netepi dhawuhipun Gusti ing sadaya kawontenan ingkang dipun panggihi.

Ing satengah-tengahing pasamuwan Korinta, kathah tiyang ingkang mboten nampi rawuhipun Paulus kanthi gumolonging manah. Punika karana ing pasamuwan Korinta tuwuh pamanggih bilih Paulus mboten pantes dipun sebat rasul, kados rasul-rasul sanesipun. Bab Injil ingkang kababar, kathah tiyang  Korinta ingkang ningali minangka kaapesanipun Sang Kristus. Nanging, sadaya punika mboten ndadosaken manahipun Paulus semplah, malah piyambakipun ngraosaken punika minangka ujian kangge ndadar manah saha imanipun dhumateng Sang Kristus. Injil punika dados dhasar kapitadosanipun Paulus, awit pakaryanipun Gusti Yesus mboten cekap ing prastawa sedan-Ipun, Panjenenganipun wungu malih ngungkuli panguwaosipun pati. Karana dhasar ingkang kiyat punika, Paulus ngrimati komitmenipun bilih Injil kedah kababar dhateng sadaya titah. Punika ingkang ndadosaken Paulus setya, tatag, lan tanggon ngadepi maneka warni panandhang gesangipun.

Saben kita tamtu nate ngraosaken kaprihatosan, kasangsaran, saha panandhanging gesang ingkang awrat. Ing sadhengah kawontenan ingkang mekaten, sumangga kita mbudidaya gesang kados dene Rasul Paulus. Kita tansah pitados bilih panguwaosipun Sang Kristus   nglangkungi sadaya karibedan ingkang kita panggihi. Sadaya panandhang kalawau kedah kita raosaken minangka pandadaring manah lan iman kita. Kita ugi sami pitados bilih panjangkungipun Gusti Yesus tansah nglangkungi winatesing nalar saha budi kita. Sumangga kita tansah pitados awit panguwaosipun Gusti Yesus tansah nunggil gesang kita. Amin. [RAL].

“Tansah setya dhateng Gusti awit Gusti tansah paring kakiyatan lan panuntun ing sauruting lampah kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak