Waosan: Ayub 40 : 6 – 14 | Pamuji: KPJ. 1
Nats: “Awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna. Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane!” (Ayat 7)
Ing salebeting gesang kita saben dinten tamtunipun kathah prekawis ingkang njalari manungsa punika kagungan watak gumunggung utawi “sombong”. Manungsa saged gumunggung mesthinipun wonten ingkang dipun dadosaken piandel ing gesangipun. Contonipun: karana ngendelaken kapinteran, kaprigelan, kasugihan bandha-donya, pangkat, drajat, panguwaos lsp. Piandel punika mboten namung njalari manungsa gadhahi watak gumunggung, nanging ugi saged ndadosaken manungsa mboten pitados bab panguwaos lan pakaryanipun Gusti Allah.
Senadyan Ayub ngadepi maneka warni pacoben lan kasangsaranipun gesang, Ayub taksih gadhahi watak gumunggung. Ayub rumaos bilih piyambakipun mboten pantes nampi sedaya pacoben lan kasangsaran awit piyambakipun sampun nglampahi gesang dados tiyang ingkang jujur, mursid, ngabekti dhateng Gusti Allah sarta nyingkiri piala (Ayub 1:1). Kejawi punika, Ayub ugi kagungan pemanggih bilih Gusti Allah mboten adil tumrap gesangipun. Nanggepi pemanggih lan pandakwa punika, Gusti Allah nyadaraken Ayub. Gusti Allah nguja lan paring wekdal supados piyambakipun ngesokaken nepsu ingkang mulad-mulad, nglebur tiyang duraka wonten panggenanipun, mendhem wonten lebu, lan ngunjara wonten papan kang ndhelik (Ay. 6-8). Bilih saged unggul nindhakaken sedaya prekawis ingkang kasebataken kalawau, Gusti Allah bakal ngalembana marang kakiyatanipun Ayub (Ay. 9). Nyawang jaran Nil, senadyan jaran Nil nggadahi kakiyatan lan karosan ingkang linuwih, punika namung saderma titahipun Gusti Allah. Kanthi srana punika, Gusti Allah ngersakaken supados Ayub “sadhar dhiri” lan kanthi andhap asor ngakeni panguwaos saha pakaryanipun Gusti Allah.
Saking waosan punika sumangga kita “sadar dhiri” lan kanthi andhap asor ngakeni panguwaos saha pakaryanipun Gusti Allah. Sedaya kanugrahanipun Gusti Allah ingkang kita tampi wonten ing salebeting gesang kita, kados kapinteran, kaprigelan, kasugihan bandha-donya, pangkat, drajat, panguwaos lsp, sampun ngantos njalari kita gumunggung wonten ngarsanipun Gusti Allah lan sesami. Kosokwangsulipun, sedaya kanugrahanipun Gusti Allah kalawau saged ta dados sarana ingkang migunani kangge sesami lan kamulyan asmanipun Gusti Allah. Amin. [G-mbul].
“Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor (Yakobus 4:6).”