Waosan: Kolose 3 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 320
Nats: “Marga saka iku yen kowe wus padha ndherek katangekake kalawan Gusti Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, ing papan pinarake Gusti Kristus ing satengene Gusti Allah.” (Ayat 1)
“Duwea swiwi aku gya mabur, Nyang ngaluhur nyang ngaluhur.” Tembang klangenan punika perangan saking KPJ. 401. Nanging sejatosipun punapa ta ngaluhur punika? Prekawis ngaluhur limrahipun gegayutan kaliyan bab kaswargan utawi karohanen. Punika ingkang asring njalari tiyang kagungan pemanggih ingkang misahaken gesang dados kalih perangan, inggih punika gesang kajasmanen lan gesang karohanen, kadonyan lan kaswargan. Pemanggih ingkang mekaten saged ugi nggodha kita para pandherekipun Gusti, namung nggatosaken satunggal perangan lan nglirwakaken perangan sanesipun.
Lumantar waosan dinten punika, kita kaatag supados saged ngraos-raosaken lan mapanaken dhiri kanthi pener, anggen kita nglampahi gesang. Ngaluhur ingkang kaserat dening Rasul Paulus ing serat Kolose punika gegayutan kaliyan Gusti Yesus pribadi. Sanes namung ateges papan ing swarga kemawon ananging ugi gegayutan kaliyan kawontenanipun Sang Kristus ingkang sampun nglampahi gesang miturut karsanipun Gusti Allah, ingkang samangke adhedhampar ing setengenipun Gusti Allah. Satemah, nalika kita katimbalan ngupadi ngaluhur, tegesipun kita kaatag supados saged ngupadi gesang kados dene Gusti Yesus. Pramila prekawis ngaluhur punika mboten namung mawujud ing salebeling pangabekti lan olah karohanen kemawon, nanging ugi kawujudaken ing tumindak nyata sadinten-dinten. Ing ayat 5 lan 8, Rasul Paulus nedahaken sipat-sipat awon ingkang kedah dipun tilar, inggih punika laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, budi kethaha, panyembah brahala, kagantos kaliyan sipat-sipat ingkang mbangun turut karsaning Gusti, inggih punika welas asih, loman, andhap asor, alus budi lan sabar (Ay. 12).
Saking pitedah punika kita saged mangertosi bilih ingkang ngaluhur punika mboten nglirwakaken kasunyatan ing donya. Bilih kita kaatag ngupadi ngaluhur tegesipun kita kedah saged nglampahi gesang ingkang timbang, antawisipun kajasmanen lan karohanen, nggayuh kaswargan srana ngowahi lampah gesang ing donya. Piwucal ingkang kita tampi ing salebeting pangabekti kedah kita tindakaken ing kasunyatan. Srana mekaten kita sak estu ngudi ngaluhur, lan anggen kita maos Kitab Suci mboten nglaha, awit punapa ingkang kita waos punika ugi kita tindakaken. Amin. [WE].
“Kitab Suci minangka panuntun tumuju ngaluhur”