Waosan : 2 Korinta 13 : 1 – 4 | Pamuji : KPJ. 192 :1, 2, 3
Nats: “Sabab sanadyan Panjenengane wus kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka panguwaose Gusti.” (Ay. 4A)
Kitab Suci punika kitab ingkang dipun terjemahaken ing atusan basa. Kados ing Indonesia, sanesipun dipun terjemahkan ngangge basa Indonesia, Kitab Suci punika ugi dipun terjemahaken ing basa daerah. Contonipun wonten kitab mawi basa Jawi, basa Sunda, Basa Madura, basa Batak, basa Bali, basa Dayak, basa Nias, lsp. Tujuanipun supados sedaya tiyang ingkang maos lan mireng pawartos rahayu ingkang kaserat ing Kitab Suci ngangge basanipun saged nampi sih rahmatipun Gusti sarta pitados dhateng Gusti Yesus ing dados Juru Wilujenging manungsa.
Rasul Paulus anggenipun martosaken Injil ing Korinta ngadepi mawerni-werni alangan lan kaewetan. Boten sedaya tiyang Korinta purun nampi lan nyambeti Rasul Paul kanthi sae. Paulus ngadepi tiyang Korinta ingkang nentang piyambakipun sarta nyuwun bukti bab panguwaosipun Gusti Yesus. Tiyang-tiyang punika sami nguji tatag lan niatipun Paulus ingkang martosaken Injil ing Korinta. Ngadepi perkawis punika, Paulus badhe buktiaken bilih sedaya tuduhan tiyang Korinta punika lepat. Paulus ngengetaken malih pasamuan ing Korinta, bilih nderek Gusti Yesus punika mbetahaken kasetyan dan kasucen. Bilih tiyang Korinta punika taksih netepi ing dosa tamtu badhe nampi paukuman saking Gusti Allah.
Kados Paulus ingkang ngengetaken tiyang Korinta, Gusti Allah ugi ngengetaken kita saben waktu. Pangandikanipun ingkang kaserat ing Kitab Suci dados pepenget, kakiyatan, panglipuran saha pangajeng-ajeng. Minangka pepenget, kita ingkang maos lan mirengaken dawuhipun Gusti ing kitab Suci saged mangertos tumidak gesang kita sampun leres punapa boten kaliyan karsanipun Gusti. Minangka kakiyatan, kita ingkang ringkih, sulaya, angsal kakiyatan saking pamaosing Kitab Suci. Minangka pangajeng-ajeng, kita ingkang nglokro, kamomotan gesang, kita tansah dipun lipur lan nampi pitulungan ing Gusti Yesus. Karana saking punika mangga kita dadosaken Pangandikanipun Gusti ing Kitab Suci minangka sumbering kayekten. Sampun ngantos kita bosen lan males maos lan mirengaken dawuh pangandikanipun Gusti Allah, nanging mangga kanthi manah ingkang sukabingah, manah ingkang kabikak kita nampi dawuh pangandikanipun Gusti sumbering kayekten gesang kita. (AR).
“Payo padha seken anggen kita maos Kitab Suci lan nindakaken dawuhipun Gusti”