Waosan : Yunus 3 : 1 – 10 l Pamuji : KPJ. 106 : 1
Nats: “ … wong Niniwe iku padha ngandel marang Gusti Allah …..” (ayat 5)
Kenging menapa ing satengahing pasamuwan kedah wonten pendito? Pendito menika salah satunggiling abdi ingkang dados talanging rahayu lan berkah kangge sedaya warganipun, nalika warga mbetahaken pandonga, pendito ugi ndongakaken. Nalika pasamuwan wonten perkawis ingkang awrat, pendito kasuwun paring kekiyatan lumantar mirengaken perkawis ingkang dipunlampahi langkung-langkung ndongakaken. Sedaya menika mboten karana pendito kadosdene dewa, ananging pendito menika minangka “talang” antawis Gusti lan pasamuwan kagunganipun Gusti.
Mekaten ugi ingkang dipunraosaken Yunus nalika dipunprentah Gusti dateng Kitha Niniwe ingkang jembar lan gedene ngedap-ngedapi. Tamtu ing salebething kitha Niniwe menika nggadahi arupi warni sipat lan latar belakang warganipun, kathah tiyang sugih mekaten ugi kathah ingkang nyembah brahala. Menapa ingkang dipun lampahi dening bangsa Niniwe menika mboten dipunremeni Gusti, lajeng Gusti paring paukuman kangge bangsa Niniwe lumantar swantenipun Yunus. Yunus ingkang dados talanging pamratobat kangge bangsa Niniwe ndadosaken bangsa Niniwe kumandel kaliyan pangandikanipun Gusti Allah. Kacariosaken bangsa Niniwe nglampahi pamratobat (ayat 7-8) lajeng Gusti Allah murungaken paukuman kangge bangsa Niniwe.
Ing pigesangan kita sami, kita saged kadosdene Yunus utawi bangsa Niniwe. Nalika kita kadosdene Yunus, kita kedah purun dados talanging rahayu, mirsani kahanan ingkang ing sakiwo tengen kita ingkang mbetahaken pitulungan kita, dipunutus dateng-pundio kemawon kedah cumadang. Bilih kita kadosdene bangsa Niniwe, kita kedah enggal-enggal nyenyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah, satemah kita saget uwal saking dosa. Kita pikantuk karaharjan ingkang sejati, kita saget nglampahi pigesangan sinaosa awrat dipunlampahi sacara kamanungsan. Menawi wonten sedherek kita, brayat kita, tanggi tepalih lan sinteno kemawon taksih purun ngelingaken kita, wujud salah satunggiling talangipun Gusti kangge kita. Ingkang utami kangge kita menika namung kumandel dhumateng Gusti. (dea)
“Among kumandel iku uwiting karosanku”