Waosan: Markus 10 : 35 – 45 | Pamuji: KPJ. 427
Nats: “Nanging ana ing antaramu ora mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia paladenmu, … ” (Ayat 43)
Ing salah satunggiling ceramah ingkang kawedar dening KH. Ahmad Mustofa Bisri wonten tetembungan ingkang endah, nggih punika Satria Lelana, Satria Lelaku, lan Satria Leladi. Satria Lelana, tegesipun manungsa ingkang remen ngumbara kagem sinau ilmu lan pados artosing gesang ingkang luhur. Satria Lelaku, tegesipun manungsa ingkang purun lan saged mujudaken ilmu lan artosing gesang punika lumantar wicantenan, sikap, ugi tumindak ing gesang padintenan. Lajeng, Satria Leladi ngemu suraos manungsa ingkang purun lan saged paring peladosan lan pangayoman lumantar kasedyan paring pitulungan tumrap sinten kemawon ingkang mbetahaken. Satria Lelana, Satria Lelaku, lan Satria Leladi punika nedahaken nilai–nilai luhur ingkang umum. Bilih manungsa punika saged nebihaken ambisi pribadinipun lajeng ngupadi nindakaken nilai lelana, lelaku, leladi punika tamtu maneka werna sekat pemisah saged karubuhaken.
Waosan kita ing dinten punika paring cariyos bilih Gusti Yesus mboten remen nalika para sakabat pados kasaenan pribadi, satemah Gusti paring pepenget bilih tujuan ingkang utami nggih punika leladi. Dawuhipun Gusti Yesus punika nggadahi teges supados para sakabat tansah rukun ing peladosan lan mbudidaya kasaenan ing gesang sesarengan. Ambisi pribadi saged ngrisak hubungan ingkang sae kaliyan sesami. Ambisi pribadi ugi saged ngrisak tekad manah ingkang luhur. Nanging, manah ingkang andhap asor lan kebak ing katresnan saged dados jalaran karukunan kaliyan sesami.
Bilih peladosan punika kalampahan klayan manah ingkang andhap asor lan kebak katresnan tamtu punapa kemawon ingkang dipun ayahi saged dados lantaran berkah kagem sesami. Gusti Yesus sampun paring tuladha ingkang langkung sae bab peladosan. Peladosan ingkang kalambaran dening andhap asoring manah lan katresnan ingkang sayekti. Gusti Yesus sampun paring pepenget bab tujuan gesang ingkang utami. Mugi kadosdene Gusti Yesus, kita saged dados para Satria Lelana, Satria Lelaku, lan Satria Leladi ing gesang sesarengan. Amin. [xie].
“Lumantar manah ingkang tulus, jagad dados Pirdus”