Awas Kesasar Pancaran Air Hidup 17 November 2024

17 November 2024

Waosan: Markus 13 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 446
Nats: “Gusti Yesus bajur wiwit ngandika: Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasarake ing wong!” (Ayat 5)

Google Maps punika salah satunggaling aplikasi ingkang dipun agem tiyang katah. Aplikasi punika sampun dipun unduh langkung saking 10 juta tiyang ing donya. Data punika negesaken bilih aplikasi punika mbiyantu sanget ing pigesanganipun manungsa. Awit wontenipun Google Maps, tiyang mboten bingung malih anggenipun madosi papan enggal ingkang dereng nate dipun tuju. Ananging, punika sanes aplikasi ingkang sampurna karana katah cariyos bab tiyang ingkang kasasaraken dening google maps. Wonten ingkang kasasar ngantos dugi wono, wonten ingkang kasasar ing margi buntu, lsp. Awit karana kedadosan ingkang kados mekaten punika, kita kedah waspada lan awas anggenipun mlampah ndherek tuntunanipun google maps. Kanyata punapa ingkang kita anggep mitulungi saged ugi nyasaraken kita.

Pitedahipun Gusti Yesus dhateng para sakabat ing waosan kita punika ngemutaken supados para sakabat sampun ngantos kasasaraken dening gebyaring donya. Gusti Yesus ngemutaken bilih sadaya kadonyan ingkang katingal endah, kados dene Padaleman Suci, dereng tamtu langgeng. Punapa malih wicantenan bab kawilujengan, para sakabat kedhah sami waspada amargi ing wiwitan jaman wekasan bakal kathah tiyang ingkang memba-memba dados utusanipun Gusti. Tiyang-tiyang ingkang kados mekaten ingkang bakal nyasaraken para tiyang pitados. Kawontenanipun tiyang punika mboten mbekta kawilujengan, senaosa punapa ingkang dipun wucalaken kadosipun badhe paring kasantosan. Awit saking punika, Gusti Yesus paring piwulang supados para sakabat sami awas lan waspada, sampun ngantos kasasar gesangipun, karana piwucal-piwucal ingkang awu-awu punika. Tuntunan ingkang sejati punika namung sabda lan pangadikanipun Gusti.

Piwulang saking Gusti Yesus dhateng para sakabat supados awas lan waspada punika ugi katujukaken dhumateng kita. Anggenipun nglampahi gesang punika, swawi kita sami awas lan waspada, sampun ngantos kita dipun sasaraken dening pemanggih, piwulang, lan panggawe ingkang mboten cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Salah satunggaling cara supados gesang kita mboten kasasar inggih punika: gesang kita rumaket kaliyan Gusti. Swawi kita tansah tegen anggen kita ndedonga, maos sabdanipun Gusti, lan tansah nyantunggil ing patunggilaning Gusti lan sesami. Amin. [DAR].

“Sabdanipun Gusti panuntun kang sejati.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak