Waosan: Jabur 148 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 358
Nats: “Kabeh iku kareben padha memuji marang asmaning Yehuwah, awit amung asmane kang luhur, kamulyane ngungkuli bumi lan langit.” (Ayat 13)
Gusti badhe kula puji ingkang kanthi eklasing manah,
wonten ngajenging pra ageng ngungelaken pujining Allah.
Kawula badhe asujud, ngucap sokur dhumateng Gusti;
dene kadarman Paduka lan kasetyan tan ewah gingsir.
Syair pepujian punika nggambaraken kados pundi raos bingah lan sokur awit sadaya rahmat saking Allah Rama sampun katampi dening umat ing gesangipun. Pramila saben umat ngaturaken pamuji kagem kamulyanipun Allah. Mboten wonten satunggal pribadi kados Gusti Allah ingkang kagungan kuwaos ngrengkuh gesang umatipun.
Wonten ing waosan kita punika, kita nampi piwulang bilih kita sadaya minangka titahipun Gusti sampun karancang dados panyembah. Kita dipun titahaken kanthi tujuan utami kangge ngluhuraken lan muji Gusti Allah ingkang Maha Suci. Pepujian punika mboten namung sawijining ritual, nanging minangka timbalan ingkang sejati, jalaran Gusti Allah punika Pangeran ingkang nitahaken jagad lan saisinipun, lan namung Panjenenganipun ingkang pantes dipun sembah lan dipun bekteni.
Kados pundi kita nindakaken penyembahan punika? Ing gesang kita, penyembahan mboten namung dipun wujudaken nalika ngabekti minggu utawi nindakaken ritual agami kemawon, nanging ugi ing gesang kita saben dinten, ing saben tindak-tanduk kita. Kados pundi kita nglampahi pakaryan, kados pundi kita sesambungan kaliyan sesami, lan kados pundi kita ngluhuraken Gusti lumantar tindak-tanduk lan manah kita. Punika sadaya minangka bagéyan saking penyembahan sejati. Kados ingkang dipun sebat wonten ing ayat 13: ”Kabeh iku kareben padha memuji marang asmaning Yehuwah, awit amung asmane kang luhur, kamulyane ngungkuli bumi lan langit.” Gusti Allah piyambak ingkang pantes dipun puji. Sarta manungsa ingkang sampun karancang dados panyembah punika kedah ngluhuraken asmanipun kanthi setya lan tulus. Sageda saben tindak-tanduk lan saben timbalan gesang kita namung ngluhuraken asmanipun Gusti Allah kanthi manah ingkang suci lan tresna asih. Awit Gusti Allah punika Maha Agung, Maha Wicaksana, lan namung Panjenenganipun piyambak ingkang pantes dipun sembah. Amin. [bojes].
“Gusti Allah punika Gusti ingkang Mahakuwasa, Gusti ingkang tansah kula puji lan sembah.”