Waosan: Ayub 37 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 115
Nats: “Panjenengane nindakake pakaryan agung kang ora kena ginayuh ing kawruh kita.” (Ayat 5b)
Sinten ingkang dados panguwaos ing gesangipun manungsa jaman punika? Mbok menawi saged dipun wastani teknologi AI (Artificial Intelligence). Teknologi AI sapunika tuwuh sacara cepet. Geoffrey Hinton ingkang dipun sebat bapak AI, ajrih bilih teknologi AI punika langkung pinter tinimbang manungsa. Geoffrey kuwatos bilih teknologi AI saged dipun salahgunakaken kaliyan tiyang ingkang mboten gadhahi tanggel jawab, kangge nindakaken tumindak jahat. Teknologi AI punika saged nyamar kadosdene manungsa asli. Mila, ing mangsa ngajeng teknologi AI punika saged nggantosaken manungsa, awit AI punika saged ngasilaken bab ingkang instan lan cepet.
Kitab suci nyerat bilih Ayub punika priyantun ingkang saleh lan jujur. Piyambakipun punika ajrih lan setya dhumateng Gusti Allah. Sanajan piyambakipun ngalami kasangsaran, Ayub tansah memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti (Ay. 4), mboten selak lan nilar Gusti. Piyambakipun saged luwar saking pacoben gesang lan pacobenipun Iblis, awit piyambakipun pitados bilih Gusti Allah punika nggadahi rancangan ingkang endah tumrap gesangipun. Ayub pitados bilih Gusti Allah punika Maha kuwaos lan setya dhateng umat kagunganipun. Kapitadosan punika ingkang ndadosaken Ayub saged nglampahi proses gesang sarta ngraosaken panganthinipun Gusti Allah sacara pribadi.
Cariyos Ayub ingkang tansah ngluhuraken asmanipiun Gusti ndadosaken kita sinau, bilih Gusti Allah punika ngersakaken kapitadosan/ iman kita punika tuwuh. Iman ingkang tuwuh punika kalampahan mboten amargi manungsa gesang ing ‘zona’ nyaman, ananging nalika kita merjuang ngadhepi sedaya tantangan gesang kanthi tetep setya dhumateng Gusti. Sedaya proses ingkang ewet punika kedah kita lampahi supados kita nggadahi pengalaman iman bab kasetyanipun Gusti Allah. Kita saged mangertosi lan ngraosaken karsanipun Gusti Allah ing gesang kita. Sumangga kita gesang kanthi setya kadosdene Ayub. Kita pitados bilih Gusti Allah tansah nedahaken katresnanipun ingkang ajaib salebeting gesang kita. Amin. [BK].
“Proses gesang ingkang kita lampahi punika kesempatan nyumendheaken gesang lan ngraosaken katresnanipun Allah.”