Waosan: Filipi 1 : 3 – 11 | Pamuji: KPJ. 158
Nats: “Aku ngunjukake panuwun marang Allahku marga saka anggonmu padha tetunggilan ing bab Kabar Injil wiwit ing dina wiwitan nganti saprene.” (Ayat 5)
Nalika Pak Tejo lenggah wonten ing sapinggire tlaga, dumadakan wonten tiyang kecegur ing tlaga lajeng bengok-bengok, “Tulung, tulung!”. Sanalika, tiyang-tiyang badhe paring pitulungan kanthi paring wangsulan, “wenehna tanganmu!” ananging tiyang menika boten purun maringake tanganipun. Lajeng Pak Tejo nyelaki sarta ngendikan, “tampanana tanganku”. Sanalika tiyang ingkang kacegur kalawau purun nampi sarta gondhelan tanganipun Pak Tejo. Tiyang-tiyang sami heran lajeng paring pitaken dhateng Pak Tejo, “Menapa sebabipun tiyang ingkang kacegur kalawau boten purun nanggepi kula?” Pak Tejo paring wangsulan, “Tiyang kalawau kesuwur kikir utawi pelit. Piyambakipun boten purun maringi, namung purun nampi utawi mundhut kemawon.”
Tiyang ingkang kacegur kalawau kedah matur nuwun dhumateng Pak Tejo amargi Pak Tejo mangertos watakipun satemah saged paring pitulungan. Menawi boten dipun tulungi kaliyan Pak Tejo, mbok menawi tiyang kalawau sampun boten saged slamet amargi tiyang kathah boten mangertos selanipun.
Sakperangan carios ing inggil menika saged dados gambaran bilih gesanging manungsa ing donya kedahipun boten magepokan bab nampi utawi mundhut kemawon, ananging ugi kedah purun maringi supados gesang menika seimbang. Kadosdene seratipun Rasul Paulus ing pasamuwan Filipi. Rasul Paulus rumaos bungah amargi para umatipun Allah ing Filipi purun paring pambiyantu dhateng Paulus nalika taksih wonten pakunjaran. Pasamuwan Filipi purun maringi, boten namung nampi menapa malih mundhut.
Sinau saking pasamuan Filipi ingkang purun atur pambiyantu dhateng tiyang sanes, mekatena ugi kita. Kita minangka umatipun Gusti kedah kagungan kapitadosan kados pasamuwan ing Filipi. Inggih menika kita kagungan manah ingkang wiyar, sarta purun makarya kanthi suka bingah ing bot repoting peladosan wonten kebun angguripun Gusti. Lan sedaya ingkang kita tindakaken menika namung kagem kamulyanipun Gusti Allah. Mugi Gusti paring kasagedan lan manah ingkang luhur kangge nulungi sesami. Amin. (ardien)
“ama et vac quot vis (kasihilah dan berbuatlah)” -Agustinus-