Waosan: Pangentasan 33 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 436
Nats: “Ingsun bakal nglampahake malaekat siji kang bakal lumaku ana ing ngarepira …” (Ayat 2a)
Ing salebeting gesang kita, asring wonten salah satunggaling tiyang ingkang tansah kita tengga rawuhipun. Contonipun, pasangan ingkang tansah nengga semahipun ingkang nyambut damel ing manca, tiyang sepuh ingkang tansah nengga putranipun sekolah ing papan tebih, saged ugi putra ingkang nengga rawuhipun tiyang sepuh ing salebeting moment-moment penting ing gesangipun. Kados mekaten kawontenan kita minangka tiyang pitados ingkang tansah nengga rawuhipun Gusti ing salebeting gesang kita, supados kita ugi tansah ngraosaken berkah-berkahipun Gusti.
Inggih mekaten ingkang dipun raosaken bangsa Israel. Nalika badhe lumebet wonten ing tanah prajanjian, bangsa Israel mastani bilih Gusti Allah badhe rawuh lan paring panuntun. Ananging karsanipun Gusti mboten mekaten. Gusti paring kalih pilihan dhateng bangsa Israel kanthi cetha: Sepisan, bangsa Israel saged lumebet tanah prajanjian tanpa panuntunipun Gusti. Pilihan kaping kalih, bangsa Israel kedah mratobat langkung rumiyen supados patunggilanipun kaliyan Gusti Allah saged pulih malih. Gusti Allah kersa nuntun bangsa Israel menawi bangsa Israel ngatingalaken kasetyanipun kanthi saestu dhumateng Gusti Allah. Bangsa Israel kedah sadar bilih panuntunanipun Gusti punika kedhah katampi kanthi tanggel jawab kasetyan dhumateng Gusti. Pilihan ingkang kaaturaken punika ngatingalaken kados pundi rawuhipun Gusti punika penting sanget ing salebetipun bangsa Israel.
Rawuhipun Gusti punika dados sumbering kakiyatan lan panuntuning gesang kita. Nalika kita ngadepi sadaya tantangan lan kawontenan gesang ingkang mboten tamtu. Rawuhipun Gusti punika dados kabetahan utami kangge kita. Pramila mangga kita tansah ngupadi gesang ingkang nyumanggakaken rawuhipun Gusti ing manah kita. Punapa ingkang dipun alami bangsa Israel saged dados pangertosan kangge kita bilih kasetyan dhumateng Gusti punika penting sanget. Menawi kita ngadepi kawontenan ingkang mboten tamtu, mangga kita tansah nyuwun supados Gusti rawuh lan nuntun kita. Mangga kita mbudidaya gesang kanthi setya dhumateng Gusti. Menawi wonten dosa lan kalepatan, mangga kita sami ngakeni lan mratobat dhumateng Gusti langkung rumiyen. Mugi rawuhipun Gusti punika tansah nyata lan nuntun kita tumuju gesang ingkang binerkahan. Amin. [dvd].
“Gesang ingkang tanpa rasa menawi mboten wonten Gusti Allah ingkang nuntun lan ngreksa.”