Ngertia Sejarah Renungan Harian 17 Maret 2020

17 March 2020

Waosan  : 1 Korintus 10 : 1 – 4    |   Pamuji  : KPJ.  352
Nats:
“… supaya kowe padha ngreti, yen para leluhur kita ….” (Ay. 1)

Tanggal 17 Agustus 1966, Presiden Soekarno pidato ngingingi Jasmerah. Jasmerah punika tegesipun “Jangan Sekali-kali Meninggalkan Sejarah” utawi sampun ngantos nilaraken sejarah. Ingkang kasebat sejarah punika kedadosan jaman rumiyin ingkang sampun kelampahan. Menawi kita dipun engetaken supados mboten nilaraken sejarah, punika ateges bilih kita sampun ngantos supe kaliyan kedadosan-kedadosan ingkang sampun kelampahan, awit wonten perkawis-perkawis ingkang saged kita sinaoni lan migunani kangge kelajenganing gesang. Menawi wonten perkawis ingkang awon, kita mboten mangsuli malih, nanging menawi wonten perkawis ingkang sae saged kita lajengaken.

Pasamuwan ing Korintus ugi kaajak dening Rasul Paulus sinau sejarahipun bangsa Israel. Ing ayat 1 dipun terangaken, “Ana dene para sadulur, supaya kowe padha ngreti, yen para leluhur kita……” Punapa ingkang saged dipun sinaoni saking para leluhur? Ingkang saged dipun sinaoni inggih punika bab nyatunggil. Kados ingkang kaserat ing ayat 3 “Kabeh pada mangan tunggal pangan” lan ayat 4,”kabeh pada ngombe tunggal omben-omben kasukman”. Sedaya perkawis punika sampun kelampahan rikala bangsa Israel saweg medal saking tanah Mesir,  mlampah wonten ing ora-ora samun. Patunggilan ingkang sampun kawujudaken ndadosaken  para leluhur saged kasil anggenipun ngadepi sedaya pambengan. Pasamuwan Korintus ingkang saweg dhawah ing padudon, saged nuladani patunggilan ingkang sampun kawujudaken dening para leluhur.

Kita ugi sami kaajak sinau sejarah. Saking sejarahipun bangsa Israel, rikala ing ara-ara samun, kita saged sinau kados pundi anggenipun mujudaken patunggilan. Saking pasamuwan Korinta kita saged sinau, sampun ngatos kita dhawah ing padudon. Saking para leluhur lan para sesepuh, kita saged sinau mujudaken patunggilan kang nyawiji. Karana menika mangga kita sami purun sinau bab-bab piwucal, tuladha, perjuangan, lan pengorbananipun para leluhur kita. Awit nalika kita sinau bab sejarahing timbalaning Gusti dateng bangsa Israel, tiyang Kristen ingkang wiwitan, lan para sesepuhing pasamuan kita saged ngraosaken pakaryan lan panguwaosipun Gusti dateng kita. Amin. (SWT).

 “Pasamuwan nyawiji, tetepa lestari”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak