Alit lan Prasaja Pancaran Air Hidup 17 Juni 2023

Waosan: Jabur 100 : 1 – 5 ǀ Pamuji : KPJ. 176 : 1 – 4
Nats:Amarga Pangeran Yehuwah iku becik, sih-kasetyane iku kanggo ing salawase lan kasetyane lestari turun-tumurun.” (Ayat 5)

Nalika kita nindakaken pangabekti dhumateng Gusti Allah, tamtunipun kathah raos manah ingkang kita raosaken. Mbok menawi wonten ingkang ngraosaken bingah, nanging wonten ugi ingkang ngraosaken sedhih. Pitakenanipun, raosing manah ingkang pundi ingkang badhe dipun tampi dening Gusti? Miturut sauruting paseksinipun Kitab Suci, Gusti Allah karsa nampeni samudayanipun, awit Gusti Allah punika Maasih. Langkung-langkung Gusti Allah karsa mulihaken kahananing manungsa ingkang sampun ajur lan remuk, ginantos dening kabegjan lan kadarman.

Waosan Jabur 100 punika sawijining Jabur arak-arakan prosesi saos sokur. Pramila kasebat Masmur kangge kurban atur panuwun. Nalika nindakaken pangabekti, bangsa Israel sami mbeta kurban saos sokur nalika wonten prastawa ngedab-ngedabi ingkang dipun tindakaken Gusti Allah wonten ing gesangipun bangsa Israel (bdk. Kaimaman 7:11-21), utaminipun prastawa ing pundi Gusti Allah ngluwari bangsa Israel saking pangrehing mengsah. Pramila, ing waosan kasebataken bilih bangsa Israel punika kados pepanthan wedhus ngen-ngenanipun Sang Pangen, inggih punika Gusti Allah. Awit saking punika, kurban saos sokur kaunjukna kagem Sang Pangen sinarengan pepujen lan kidung pangalembana (Ay. 4).

Sang Pangen punika saestu becik. Sih-kasetyanipun lestari tumrah ing gesangipun manungsa. Mbok bilih sae, menawi saben dinten, ing wekdal saderengipun tilem, kita ngenget-enget prastawa ingkang sampun dipun tindakaken Gusti Allah ing salebeting gesang kita. Prastawa ingkang dipun tindakaken mbok bilih sanes prastawa ageng, ananging saged arupi prastawa lan bab-bab alit lan prasaja. Menawi kita saged ngenget-enget bab-bab alit lan prasaja punika, tamtu ing samudayanipun kita saged ngraosaken ayem tentrem. Kita saged manggihi saos sokur ingkang saestu luber dhumateng Gusti Allah. Ugi mbuktekaken bilih lumantar bab-bab ingkang alit lan prasaja ing saben dintenipun, kasetyanipun Sang Pangen punika lestari turun-tumurun ing salaminipun. Amin. [Dix].

“Hal sederhana adalah mutiara syukur yang sungguh berharga”

 

 

Bagikan Entri Ini: