Aja Wedi, Ayo Tak Kancani Renungan Harian 17 Juni 2018

17 June 2018

Waosan: 2 Korintus 5:6-10 | Pujian: KPJ 352
Nats:
“Sabab kita kabeh kudu padha ngadhep ana ing ngarsane dhamparing pangadilane Sang Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhewe-dhewe sajroning urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.” (ayat 10)

Sawise njagang sepeda motore,Lik To lungguh tenger-tenger ing ngarep omah, isih nganggo helm lan jaketan jangkep sak sarung tangane. Pasuryane surem kaya mega ing mangsa rendheng. “Enek opo, pak?” pitakone bojone. Lik To mung semaur lirih, “Aku wedi.” Bareng ditelisik, jebul Lik To lagi wae bar ditilang Polisi, amarga lali ora nggawa SIM lan lampu utamane mati. Pak Polisi sing nilang ngajak Lik To sidang ing pengadilan rong minggu engkas. Lik To sing lugu bab hukum rumangsa wedi lan kuatir.

Pripun miturut para sedherek sedaya, kedahipun kita ajrih napa boten bab pengadilan?  Menawi lampah kita sampun leres, mestinipun kita boten ajrih ngadhepi proses pengadilan. Kados pepenget saking Rasul Paulus ing waosan kita dene saben tiyang mesti nampi ganjaran miturut lelampahan gesangipun piyambak, sae napa awon. Saben patrap pigesangan kita badhe nampi ganjaran bilih sampun “ngadhep ing ngarsane dhamparing Pangadilane Sang Kristus.” Ingkang patrapipun sae badhe kaganjar berkah. Ingkang patrapipun awon badhe boten saged ngajeng-ajeng berkah. Mila sampun ngantos kita menika nampi  ganjaran kang awon. Kita kedah ngginakaken badan kagem nindakaken pakaryan kang becik lan miturut karsanipun Gusti.

Tansah nindakaken karsane Gusti menika boten gampil,malah-malah kita ngraosaken boten kiyat. Napa malih menawi kita rumaos piyambakan ing salebeting kawontenan kita ingkang sarwa ringkih. Mila kita kedah sangkul-sinangkul, enget-ingengetaken, lan bangun-binangun ing salebeting gesang masamuwan.Langkung-langkung ing salebeting gesang bebrayatan. Kanthi makaten kita saged ngadhepi dhamparing pengadilanipun Sang Kristus kanthi tatag, awit gesang kita kajagi ing kabecikan.

“Wis pak, ora usah wedi. Besuk yen menyang pengadilan, tak kancani.”, panglipure bojone Lik To nentremake batin. Amin [jarwi]

“Brayat menika kedah sangkul-sinangkul nindakaken kasaenan”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak