Waosan: Ibrani 5 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 196
Nats: “Mangkono uga Sang Kristus ora mulyakake sarirane piyambak sarana jumeneng Imam Agung, …” (Ayat 5)
“Ngelmu pari, tansaya isi tansaya nunduk”. Senadyan prasaja, paribasan punika estunipun paring piwucal ingkang sae lan luhur kengge gesang kita supados tansah andhap asor lan lembah manah. Tambahing yuswa, kapinteran, kaprigelan, pengalaman, kawicaksanan, panguwaos, lsp. sampun ngantos njalari kita punika dados tiyang ingkang kumalungkung lan gumunggung. Ananging kosokwangsulipun, kita kedah dados tiyang ingkang andhap asor saha migunani kangge sesami.
Waosan kita punika mratelakaken bilih Gusti Yesus jumeneng Imam Agung ingkang kapiji dening Gusti Allah piyambak. Bab punika dados sarana juru tulis serat Ibrani kangge ngiyataken sawetawis tiyang Kristen ingkang nalika semanten ngadhepi panindhes lan kasangsaran gesang ingkang awrat. Juru tulis serat Ibrani maringi semangat supados tiyang-tiyang Kristen kalawau tansah pitados lan setya tuhu dhumateng panguwaosipun Gusti Yesus Sang Imam Agung. Ingkang dados dhasaring pitados, inggih punika: Sepisan, lantaran kasangsaran lan pangurbananipun Gusti Yesus, para tiyang pracaya kaluwaraken saking panguwaosing dosa (Ay. 1-4). Kaping kalih, Gusti Yesus punika saestu putraning Allah ingkang nedahaken kasetyanipun dhumateng Sang Rama srana ngestokaken pakaryanipun Gusti Allah (Ay. 5-6). Sanadyan Gusti Yesus punika jumeneng Imam Agung, ewosemanten Panjenenganipun mboten mulyakaken Sariranipun piyambak. Kalenggahan minangka Imam Agung mboten ndadosaken Gusti Yesus kumalungkung. Gusti Yesus tetep nedahaken gesang ingkang andhap asor srana mbangun turut dhumateng karsanipun Gusti Allah Sang Rama.
Gusti Yesus Sang Imam Agung sampun paring tuladha kangge kita supados ngasoraken manah lan dhiri kanthi setya tuhu mbangun turut pakaryanipun Gusti Allah. Punapa ingkang sampun katindhakaken Gusti Yesus punika, saged ta dados pancatan kangge gesang kita tansah pitados dhumateng panguwaos lan pakaryanipun Gusti Allah ing sadhengah kawontenan, sae punika bingah utawi sisah. Mangga kita nuladha lan mbangun turut Gusti kanthi andhap asor. Kados dene ngelmu pari ndadosaken pracaya kita sangsaya santosa lan mboten gampil semplah ngadhepi maneka warni kawontenan gesang ing alam donya punika. Amin [G-mbul].
“Ngelmu pari dadi sarana luhuring budi.”