Waosan: Jabur 23 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 112 : 1 – 3
Nats: “Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula salamaning gesang.” (Ayat 6a)
Saestu endah sanget paseksinipun Juru Mazmur bab pangreksanipun Yehuwah Allah minangka pangen ingkang sejati lan kita minangka para mendanipun. Yehuwah Allah tansah nyekapi kabetahan jasmani lan rohani kita, satemah kita mboten nate kekirangan. Kita dipun giring dhateng papan ingkang kebak rumputipun, sumbering toya ingkang ndadosaken manah tentrem lan seger. Sanajan lumampah ing jurang palimenganipun pejah, Yehuwah Allah tansah nganthi, ngiyataken, miwah anglipur kita. Tekenipun utawi pitedah miwah prentahipun ngarahaken lampah kita, saengga kita mboten ajrih bilai. Malahan nalika ngadhepi mengsah kathah ingkang ngepung, Yehuwah Allah tansah nyekapi kabetahan kita ngantos mencep-mencep lan luber-luber. Mila inggih namung kabegjan miwah kadarman kemawon ingkang badhe ngirid lampah kita ing salaminipun gesang.
Ananging saestu lepat menawi pangreksanipun Yehuwah punika ndadosaken para menda kagunganipun punika lajeng lumuh, pasip, tumindak sak pikajengipun piyambak, lan ngalem. Sedaya pikajengipun kedah dipun turuti, menawi mboten dipun turuti lajeng mutung. Tamtu Gusti Allah mboten ngersakaken gesanging para mendanipun kados mekaten. Awit pitados punika mboten ateges pasrah bongkokan kanthi pasif wonten ngarsanipun Gusti. Ananging pasrah kanthi aktif nindakaken kersanipun Gusti ing gesangipun, inggih punika kaleresan, kaadilan, sih katresnan, kasetyan, tuwin mbagi tentrem rahayunipun.
Bab punika asring mboten entheng tantangan lan masalahipun. Mekaten estunipun ingkang dipun alami dening Juru Mazmur ing gesangipun ingkang mboten nate sepi saking momotan, tantangan miwah masalah ngantos ancamaning pejah. Ananging Juru Mazmur ngalami iba endahipun pangreksanipun Yehuwah Allah. Piyambakipun kadosdene peksi manyar ingkang nyusuh pating grandhul ing wit ingkang kaobat abitaken angin, ananging tetep pating cruwet ngoceh kebak kabingahan lan mboten ajrih bilai, awit Gustinipun saged dipun andelaken. (BRU).
“Pangreksanipun Gusti mboten ndadosaken kita menda ingkang manja, nanging ingkang kebak tanggel jawab lan daya juang.”