Waosan : Yehezkiel 39 : 21 – 29 | Pamuji : KPJ. 120
Nats: “Ingsun ora nutupi pasuryaningSun maneh tumrap wong-wong iku, samangsa Ingsun ngesokake RohingSun marang turune Israel” (Ay. 29)
Tembung isuk dele sore tempe. Satunggal tembung ingkang asring kita pirengaken lan kita ungelaken. Tembung ingkang limrahipun dipun paringaken dhateng tiyang ingkang gampil molah-malih pituturipun, ugi kangge nyebat tiyang ingkang gampil mbenjani janji ingkang sampun kaungel. Kadospundi raosipun bilih pinanggih kaliyan tiyang kados mekaten? Limrahipun “gregeten” lan menawi saged sampun mboten purun sesambetan malih. Punapa mboten pareng “nesu, mangkel, gregeten” kaliyan tiyang ingkang kados mekaten? Pareng, awit punika prekawis ingkang limrah. Nanging sampun dangu-dangu, sampun ngantos bablas dados crah mboten saged rukun malih.
Ing waosan kita dinten punika, kita dipun ajak ningali pakaryan ageng Gusti Allah ingkang dipun paringaken dhateng bangsa Israel. Ing ayat-ayat sakderengipun dipun tedahaken kadospundi anggenipun Gusti Allah duka tumrap bangsa Israel lan paring panggulawenthah awujud dados baturtukon bangsa sanes. Kenging punapa? Awit bangsa Israel gampil mblenjani janji lan nyingkur Gusti. Gusti Allah estu duka awit bangsa Israel mboten saged njagi kasucening gesang. Gusti Allah ngersakken supados bangsa Israel minangka kagunganipun tansah mbudidaya njagi kasucening gesang karana Gusti Allah ingkang miji bangsa Israel punika Gusti Allah ingkang MahaSuci. Gusti duka, nanging mboten kangge selaminipun. Ing waosan kita dipun tedahaken bilih Panjenenganipun paring pangapunten lan paring wekdal dhateng bangsa Israel kangge ndandosi gesang tuwin “akur” malih kaliyan Panjenenganipun.
Punika satunggal pasinaon, asring kita pinanggih kaliyan tiyang-tiyang ingkang kasebat “isuk dele sore tempe”, gregeten, nesu, pareng nanging kedah purun mbikak manah kangge paring pangapunten dhateng tiyang ingkang lepat kaliyan kita. Kita ugi kaengetaken supados mboten gampil mblenjani janji kita dhumateng Gusti lan sesami kita supados kita tansah kajen lan saged gesang rukun tuwin binerkahan. Mangga kita sami galih lan ngupaya gesang ingkang bener lan pener inggih gesang miturut karsanipun Gusti. Amin (DH)
“Gusti, kawula nyuwun kiyat lan kawicaksanan supados sageda jejeg ing janji kawula dhumateng Paduka”