Waosan: Amos 9:1-4 I Pamuji: KPJ 64
Nats: “…bakal ora ana kang bisa lumayu siji-sijia, lan iya ora ana siji-sijia kang bisa oncat…” (ayat 4)
Seperti wanita mengurapimu
Menangis di bawah kakimu
Demikian hidupku mau mengasihi-Mu
Yesus Engkau baik bagiku
Reff:
Sampai akhir ku menutup mata
Ku tetap setia, menanti janji-Mu
Sampai ku dapatkan mahkota kehidupanku
Ku tetap setia tuk melayani-Mu.
Seratan ing nginggil punika ukara lagu ingkang dipunlangenaken dening Grezia Epiphania, salah satunggaling penyanyi rohani cilik Indonesia. Grezia punika nggadhahi kaluwihan ugi kakirangan. Kaluwihanipun, Grezia ingkang taksih umur 12 tahun punika saged nyanyi lan ugi main piano tanpa klentu. Dene kekiranganipun (sacara lair), Grezia lair kanthi kahanan wuta, karana gangguan selaput ing socanipun.Sanadyan wuta (boten saged ningali papan tombol piano) ananging saged main piano tanpa klentu notasi-nipun. Grezia salah sawijining manungsa umatipun Gusti, ingkang ndadosaken kakirangan dados kaluwihan.
Waosan ing dinten punika nedahaken lampahing bangsa Israel ingkang boten setya. Israel ingkang rumaos dados bangsa pinilih dening Gusti Allah dados gumunggung. Bangsa ingkang mesthinipun sampun angsal kaluwihan saking Gusti Allah, nanging malah ndadosaken kaluwihanipun kangge tumindak dosa.Bangsa Israel rumaos menawi Gusti sampun miji piyambakipun. Bangsa Israel nggadhahi pamanggih bilih Gusti Allah boten badhe ngukum senajan ta Israel nindaaken dosa. Pamanggih ingkang klentu punika kalencengaken dening Gusti Allah.Gusti Allah paring paukuman minangka piwucal kangge bangsa Israel.Nanging paukumanipun Gusti Allah punika boten dados tujuan pungkasan.Gusti Allah tetep tumindak milujengaken bangsa punika, Gusti tetep paring kawilujengan dhateng ingkang gesangipun setya tuhu.
Sampun samesthinipun menawi kita ngagem kekiranganing gesang kita punika dados kaluwihan. Kados Grezia, senajan ta lair wuta ananging malah dados pemain piano handal.Boten kosokwangsulipun, ndadosaken kaluwihan kita malah dados kekirangan, bangsa pinilih (Israel) malah dados gumunggung, boten ngajeni Gusti Allah, laku dosa duraka.Ing salebeting mangsa pekan wanita GKJW, kita kaajak tetep setya.(pong)
“Setya ndhatengaken kawilujengan tuhu, cidra ndhatengaken bebendu”