Waosan: Purwaning Dumadi 16 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 117
Nats: “Ibu Hagar tumuli nyebut asmane Sang Yehuwah kang mangandikani mau: “Paduka punika El-Roi”, sabab pangunandikane: “Aku ana ing kene rak wus ndeleng Panjenengane kang mirsani aku?” (Ayat 13)
Saben tiyang tamtu nate ngalami lan ngraosaken kaprihatosan, kasisahan, lan kuciwa. Raos punika ndadosaken gesang kita mboten tentrem lan mboten sedaya tiyang saged mitulungi kita. Raos kaprihatosan, kasisahan, lan kuciwa punika saged kemawon amargi tumindak kita piyambak ugi tumindak saking tiyang sanes. Menawi kaprihatosan punika awit saking tumindak kita piyambak, kadangkala kita mboten saged ngapunten kalepatanipun kita piyambak, asring kita nyalahaken dhiri kita piyambak, kenging punapa saged ngalami prekawis kados mekaten.
Ibu Sarai ugi nate nglampahi kalepatan ingkang ndadosaken gesangipun mboten tentrem, inggih punika maringaken ibu Hagar abdinipun dhateng rama Abram, supados rama Abram kersa ngrawuhi kanthi pangajab nggadhahi putra. Patrap punika dipun lampahi Ibu Sarai awit piyambakipun rumaos gabug. Kasunyatanipun mboten gampil kados angen-angenipun ibu Sarai. Brayat ingkang suwaunipun ayem tentrem, rukun dados dredah. Sumberipun saking ibu Hagar ingkang rumaos dipun kuya-kuya. Rama Abram mboten tumindak adil. Kosokwangsulipun Ibu Sarai ugi nyuwun supados Rama Abram adil karana Ibu Hagar sampun ngremehaken piyambakipun ingkang gabug. Rama Abram dipun tuntut saged paring kaadilan dhumateng pawestri kekalih punika. Gusti Allah Mahaasih lan Mahawelas dhateng umatipun. Rama Abram, Ibu Sarai lan ibu Hagar tetep pikantuk katresnan saking Gusti Allah, senaosa margi ingkang dipun lampahi mboten kados ingkang dipun kersakaken Gusti Allah. Ewasemanten Gusti Allah taksih paring pangaksami. Katresnanipun Gusti Allah punika saged dipun tingali saking nami putranipun ibu Hagar inggih punika Ismail, tegesipun Allah midangetaken (Ay. 11) lan sebutan Hagar dhumateng Gusti Allah, El-Roi ingkang tegesipun Allah mirsani, Allah nyekapi (Ay. 13).
Kados pundi gesang kita samangke, punapa kita nggadhah pengalaman kados dene Rama Abram, ibu Sarai lan ibu Hagar? Kita sedaya manungsa limrah ingkang kebak dosa lan kalepatan, mbok menawi kita nggadah masa lalu ingkang awon lan peteng, sumangga kita mratobat, kita tangi malih. Kita ndandosi gesang kita supados langkung sae lan saged mapag masa depan ingkang endah. Sumangga kita mitadosaken gesang sawetah dhumateng Gusti Allah, awit Gusti Allah mirengaken, mitulungi, lan paring kakiyatan dhateng kita. Amin. [Djian].
“Mboten penting kaping pinten kita dhawah, ingkang penting kados pundi kita saged tangi malih.”