Pinanggih Gusti Renungan Harian 17 Januari 2021

17 January 2021

Waosan : Yokanan 1 : 43 – 51 | Pamuji : KPJ. 114
Nats:
“Esuke maneh Gusti Yesus kersa tindak menyang ing tanah Galilea. Panjenengane pinanggih karo Filipus, banjur ngandika, “Melua Aku!” (Ay. 43).

Taun ajaran enggal 2020/2021 sampun dipun wiwiti tanggal 13 Juli 2020 kepengker, nanging karana pagebluk Covid-19, para siswa taksih sinau wonten griyanipun piyambak-piyambak. Mekaten ugi Dinas Pendidikan dereng maringi ijin kegiatan belajar mengajar ngantos wulan Desember 2020. Karana punika para siswa namung saged pinanggihan kaliyan bapak/ibu gurunipun sarana HP utawi Laptop. Lumantar HP utawi Laptop punika para siswa saged nampi materi pelajaran, ulangan lan nampi pawartos saking guru utawi sekolahan. Senajan jaman sampun canggih lan sedaya sampun wonten sarana kangge komunikasi, nanging bab punika boten saged gantosaken pasinaon sacara langsung, ing pundi para guru saged pinanggih para siswa, mekaten ugi para siswa saged pinanggih kaliyan kanca rencangipun sacara langsung.

Perkawis pinanggih ugi karaosaken ing waosan wekdal punika. Kacariosaken Gusti Yesus miwiti peladosanipun, nalika semanten Gusti Yesus manggihi Filipus tiyang Betsaida. Nalika pinanggih Filipus, Gusti Yesus kersa nimbali Filipus, “Melua Aku!”. Filipus ngestoaken timbalanipun Gusti Yesus punika lajeng nderek Gusti Yesus. Selajengipun Filipus paring paseksi dhateng Natanael bab Gusti Yesus. Lumantar Filipus, Natanael saged pinanggih Gusti Yesus lan dados sakabatipun Gusti Yesus.

Bilih Filipus lan Natanael sampun pinanggih Gusti Yesus sarta nderek Gusti, kados pundi kaliyan kita? Punapa kita sampun pinanggih Gusti Yesus lan dados panderekipun ingkang setya? Saben dinten kita saged pinanggih Gusti Yesus lumantar sabda PangandikanIpun ingkang kita waos lan raosaken saking Kitab Suci. Kita saged pinanggih Gusti Yesus, lumantar pepanggihan kita kaliyan sesami, saged semah, putra, tetanggi, lan sanak sederek kita sanesipun. Pepanggihan kita kaliyan sesami saged dados cara Gusti Yesus ngemutaken kita, memucal dhateng kita lan nresnani kita. Ingkang saged kita tindakaken nalika pinanggih Gusti Yesus, inggih punika kita purun mirengaken timbalanipun Gusti, gatosaken punapa ingkang dados karsanipun, sarta netepi kasetyan lan tresna dhumateng Gusti Yesus. (AR)

 “Wujuding anggen kita pinanggih Gusti, kita ngraosaken ayem tentrem lan suka bingah ing gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak