Waosan: 1 Para Raja 19 : 9 – 18 | Pamuji: KPJ. 71
Nats: “Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang panjenengane: Sira mangkata, metua ing dalanira, kang wus sira liwati ngliwati pasamunan menyanga ing Damsyik, lan sawuse sira tekan ing kana, Hazael sira jebatana dadi ratu ing Aram.” (Ayat 15)
Punapa panjenengan nate sayah? Kula kinten sadaya tiyang nate ngraosaken sayah. Sayah amargi nyambut damel, sayah amargi nanggel momotan ingkang awrat, sayah amargi mikiraken kahanan gesang ingkang rekaos, lsp. Punapa ingkang panjenengan tindakaken nalika sayah? Mbok menawi wonten ingkang badhe ngaso tilem supados badanipun pulih, wonten ingkang rekreasi supados pikiranipun padhang malih, lsp. Kangge kita, para tiyang pitados, Gusti Yesus ngendika, “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” (Mat. 11:28). Saestu pangandikanipun Gusti Yesus punika dados kakiyatan kangge kita ingkang sami sayah awit Gusti Yesus badhe paring kaayeman salebeting gesang kita.
Raos sayah punika ugi ingkang dipun raosaken dening Nabi Elia. Ing waosan saderengipun dipun cariyosaken Nabi Elia menang nglawan 450 nabi Baal (1 Para Raja 18:22). Lajeng Nabi Elia dipun ancem badhe dipun pejahi dening Ratu Izebel. Karana punika Nabi Elia mlajeng, nylametaken dhiri. Selajengipun Gusti Allah ngutus malaikat-Ipun sarta ngendika, “Tangia, mangana! Sabab manawa ora, lakunira mengko bakal kadohen tumrap sira.” (Ay. 7). Nabi Elia lajeng dhahar lan ngunjuk tetedhan lan unjukan ingkang kacawisaken. Sasampunipun piyambakipun kaparingan daya kakiyatan kangge mlampah 40 dinten 40 dalu tumuju gunung Horeb. Waosan kita nyariosaken pasambat lan pangaduhipun nabi Elia dhumateng Gusti. Piyambakipun rumaos sampun sayah lan badhe nyerah. Sepindah malih Gusti Allah nimbali lan maringi kakiyatan dhateng nabi Elia kagem nindakaken tugas selajengipun, inggih punika tindak dhateng Damsyik, lajeng jebati Hazael dados ratuning bangsa Aram.
Ppangandikanipun Gusti lumantar cariyos nabi Elia punika saged dados kakiyatan kangge kita. Kita ingkang sapunika ngraosaken sayah awit nyanggi momotan gesang ingkang awrat, mangga kita sami ningali nabi Elia. Gusti Allah mboten negakaken kita, Panjenenganipun karsa nulungi lan ngiyataken kita sanadyan kita sampun sayah. Mangga kita pasrahaken sadaya kawontenan gesang kita wonten asta-Nipun Gusti Allah. Sampun ngantos kita namung ngandelaken kakiyatan kita manungsa ingkang winates, nanging mangga kita ngandelaken Gusti Allah ingkang paring kakiyatan saha pitulungan dhateng kita. Mugi kita tansah kiyat amargi Gusti. Amin. [AR].
“Kakiyatan lan kasantosaning gesang kita punika pinangkanipun saking Gusti.”