Tatag, Teteg, Lan Tutug Pancaran Air Hidup 17 Desember 2024

17 December 2024

Waosan: Lelakone Para Rasul 28 : 23 – 31  |  Pamuji: KPJ. 452
Nats: “Panjenengane martakake Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yesus kalawan tatag sarta ora ana kang mambengi.” (Ayat 31)

Wonten salah satunggaling pitutur jawi : “tatag, teteg, lan tutug”. Pitutur punika limrahipun dados wejangan tiyang sepuh dhateng para putranipun. Pitutur punika tujuanipun supados para lare utawi nem-neman nggadhahi raos percaya diri, kekeh, pinter, lan andhap asor anggenipun nglampahi gesang, mujudaken cita-cita. Kanthi tatag, teteg, lan tutug anggenipun nglampahi gesang tamtunipun bakal nuwuhaken sukabingah lan katentreman. Tekad lan niat punika estu dipun betahaken supados pigesangan ingkang dipun lampahi saged cundhuk kaliyan pangajeng-ajeng. Tatag, teteg, lan tutug punika salah satunggaling karakter dhiri ingkang kedah dipun gadhahi dening sadaya tiyang.

Karakter tatag, teteg, lan tutug ugi saged kita pirsani ing gesangipun Rasul Paulus. Nalika mbabaraken bab Kratoning Allah ing kutha Rum, Rasul Paulus ngalami kathah prekawis ingkang mboten sekeca. Piyambakipun dipun cepeng lan dipun adili dening tiyang Rum senaosa pungkasanipun mboten kawastanan lepat. Ananging, senaosa mboten lepat piyambakipun taksih nampi pambengan saking tiyang-tiyang Yahudi, sedherekipun piyambak. Ing kahanan kados mekaten, Rasul Paulus taksih nggadhahi kakiyatan lan kapitadosan bilih punapa ingkang dipun babaraken punika prekawis ingkang sae lan leres. Manahipun tansah tatag, teteg, lan tutug. Mboten wonten raos ajrih, punapa malih kawon kaliyan kahanan. Temahan, senaosa katah pambengan ingkang kedah dipun alami, Rasul Paulus tetep tatag anggenipun mbabaraken Kratoning Allah ngantos tutug kalih tahun ingkang kutha Rum. Sadaya kalawau saged kalampahan karana kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus ingkang tatag, teteg, lan tutug.

Sinau saking gesangipun Rasul Paulus, kados pundi iman kapitadosan kita samangke? Punapa gesang kita saged kawastanan tatag, teteg, lan tutug? Mugi punapa ingkang kita raosaken sesarengan saking gesangipun Rasul Paulus punika saged paring kakiyatan lan semangat kangge kita sami anggenipun nglampahi gesang dados umatipun Gusti Yesus. Tamtunipun kathah pambengan lan prekawis, ananging kanthi manah ingkang tatag, teteg, lan tutug, kita saged ngluwari sadaya pambengan punika. Pungkasanipun kita saged kasebat para umatipun Gusti Yesus ingkang setya. Amin. [DAR].

“Yen wani aja wedi-wedi, yen wedi aja wani-wani.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak