Mangro Mundak Kendo, Setya Mundak Rosa Pancaran Air Hidup 17 Desember 2021

17 December 2021

Waosan: Yesaya 42 : 10 – 17 | Pamuji: KPJ. 52
Nats:
“Wong kang pada kumandel marang reca tatahan bakal padha mundur lan kawirangan, yaiku para wong kang celathu marang reca cithakan: “Paduka punika allah kawula!” (Ayat 17)

Wonten salah satunggiling Punakawan ingkang asmanipun Semar. Semar punika asring paring pitedah ingkang kebak kawicaksanan kados ingkang mekaten: Aja milik barang kang melok, aja mangro mundak kendo.Pitedah punika paring pepenget supados para manungsa gadhah manah ingkang kiyat lajeng mboten gampil lumebet ing sajroning ginodha ingkang saged dados jalaran kasedihan lan kacilakan. Manungsa dipun welingi supados mboten mangro tingal lan tansah setya sanajan nyumerepi prekawis-prekawis sanes ingkang katingal langkung endah.

Waosan kita ing dinten punika paring gambaran bab Bangsa Israel ingkang mboten saged setya lajeng mangro tingal lumantar panyembahan dhateng brahala. Brahala ingkang katingal unggul punika dipun sembah amargi Bangsa Israel namung lumampah miturut pikejengipun piyambak. Punapa ingkang dipun lampahi kaliyan Bangsa Israel tamtu dadosaken sekel galihipun Gusti. Nanging, Gusti mangsuli sikap duka punika lumantar katresnan ingkang badhe mitulungi, ugi katresnan ingkang badhe paring pangluwaran. Nalika Bangsa Israel mboten setya, Gusti tansah setya lan paring kasempatan ingkang enggal.

Kasetyanipun Gusti kagem Bangsa Israel ing waosan kita punika, sami kaliyan kasetyanipun Gusti ingkang tansah nganthi pigesangan kita. Mugi ing sadhengah kahanan, kita tansah saged njagi manah kita supados kiyat lan mboten gampil mlebet ing rupi-rupi goda rencana ingkang nebihaken manah kita saking Gusti. Kita kedah mandeng Gusti Sang Juru Basuki, satemah kita sageda dados pribadi ingkang cumadhang lan mawas diri ing maneka werna situasi. Ing mangsa Adven punika, sumangga kita sesarengan nganti-anti rawuhipun Gusti klayan kateguhan lan kasetyan. Kita ugi saged imbangi sikap manah punika kaliyan kasedyan mbudidaya mujudaken katresnan kagem sesami ing gesang sesarengan. Sumangga kita mbabarken katresnan ingkang tulus, kados dene katresnan ingkang sampun kita tampi saking Gusti. Amin. [xie].

 “Gusti cedhak tanpa senggolan, adoh tanpa wangenan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak