Kladuk Wani Kurang Duga Renungan Harian 17 Desember 2020

17 December 2020

Waosan : 2 Samuel 6 : 1 – 10 | Pamuji : KPJ. 28 : 1, 2
Nats: “Bebendune Yehuwah mungkat marang Uza, Gusti Allah banjur nggebag wong iku, amarga sembranane. Uza mati ngenggon ana ing sandhinge pethine Gusti Allah mau.”(Ay. 7)

Ing jaman samangke ewed kita panggihaken anak ingkang wawan-atur dhateng tiyang sepuhipun mawi basa krama. Adatipun mawi basa ngoko ha he kados dhateng rencangipun. Kok anak dhateng tiyang sepuh, mantu dhateng marasepuh kemawon awis-awis ingkang ngginakaken basa krama. Kawontenan punika benten kaliyan jaman kala rumiyin, ing taun ’70 an mangandhap para anak umumipun sami basa krama dhateng tiyang sepuhipun. Ing jaman rumiyin anak ugi boten pareng nyepeng sirahipun tiyang sepuh amargi punika nglanggar tata-krama. Manawi jaman samangke, sirahipun simbah dipun damel kendhangan wayahipun sampun biasa. Lah punika ingkang dipun wastani kladuk wani kurang duga, tegesipun nglanggar padatan krana boten mangertos tata-krama.

Bangsa Israel sampun pinaringan dhawuh lumantar nabi supados njagi kasucenipun Gusti Allah, boten dipun keparengaken nggepok pethi prajanjian. Pethi prajanjian punika barang sinengker ingkang kedah dipun jagi kasucenipun. Sok sintena ingkang nggepok pethi prajanjian mesthi badhe nemahi tiwas (Wilangan 4:15). Pranyata wewaler kalawau dipun langgar dening Uza temahan Uza pejah ngenggen. Saged ugi Uza boten mangertosi katetepan punika utawi sajakipun Uza kumranggeh krana tanpa sengaja nanging punika sadaya boten saged kadamel pawadan oncat saking bebendunipun Gusti. Prastawa punika ndadosaken bangsa Israel lajeng sami ajrih dhumateng Gusti lan boten wantun sembranan nyawiyah kasucenipun.

Kawontenanipun tiyang Kristen, warga GKJW, sajakipun saya dangu saya suda-suda sipate. Kala rumiyin warga Kristen ing dhusun-dhusun Kristen manawi dinten minggu boten wonten ingkang: nyaben, thuthuk-thuthuk ngedalaken suwanten santer, wira-wiri turut margi boten dhateng greja amargi mesthi badhe dipun raosi dening tanggi-tepalihipun, “Minggu-minggu kok nyambut gawe, ora nyang greja malah wira-wiri turut dalan”. Manawi jaman samangke sadaya punika dipun anggep sampun biasa. Kala rumiyin manawi dinten Selasa utawi Jumat ngleresi jam katekisasi, yen wonten lare-lare ingkang taksih dolanan dipun engetaken dening para tiyang sepuh, “Hayo buyar, ndang adus terus katekisasi”. Samangke sajakipun boten wonten ingkang preduli. Sumangga introspeksi. (Esje)

“Gusti Allah Mahasuci, swawi ajrih asih dhateng Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak