Digugu Lan Ditiru Pancaran Air Hidup 17 April 2025

17 April 2025

Waosan: Yokanan 13 : 1 – 17, 31b – 35  |  Pamuji: KPJ. 202
Nats: ”Dadi menawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowe iya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil. Awit Aku wus menehi tuladha marang kowe, supaya kowe kabeh uga nindakake kaya kang wus Daktindakake marang kowe.”  (Ayat 14 – 15)

Tembung Guru ing kerata basa ngemu teges kena digugu lan ditiru. Punika salah satungaling filosofi tiyang jawi, menawi tugas guru punika mboten namung tanggel jawab paring piwulang bab ilmu pengetahuan kemawon nanging ugi dados pendidik ing bab moral, etika, integritas, lan karakter. Karana punika guru kedah saged dados tuladha kagem sinten kemawon ingkang dados siswanipun. Kados ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus Kristus dhateng para sakabatipun, inggih punika dados guru ingkang paring tuladha supados para sakabat sami purun lelados dhateng tiyang sanes.

Wonten ing waosan kita kacariosaken bilih Gusti Yesus paring tuladha bab peladosan kanthi tulusing manah. Prastawa punika kagelar sakderengipun dinten riyadin Paskah katindakaken. Saksampunipun Gusti Yesus lan para sakabatipun dhahar sesarengan, Gusti Yesus jumeneng lan lukar agemanipun sarta mundut toya. Kanthi andhap asoring manah, Gusti Yesus ngwisuhi sadaya sukunipun para sakabat. Menawi kita raosaken, sejatosipun ingkang kedah nindakaken prekawis punika kedahipun para sakabat. Punika wujudipun Gusti Yesus paring pangertosan dhateng sinten kemawon, bilih Panjenenganipun saged nindakaken peladosan dhateng sesami, tanpa ningali kalenggahanipun, jabatanipun, lan kapinteranipun. Saking prekawis punika, sadaya tiyang pitados kedah purun bucal ego ingkang wonten manahipun.

Kita minangka para umatipun Gusti kedah saged nindakaken tuladha saking Gusti Yesus punika. Awit hakekat peladosan punika saged katindakaken kanthi gesang tulung-tinulung lan enget-ingengetaken dhateng tiyang sanes. Ing ngarsanipun Gusti Yesus, kita punika sedrajat. Mila kanthi purun nindakaken tuladha tumindakipun Gusti Yesus punika, pigesangan kita saged migunani. Gesang kita saged nuwuhaken berkah kangge tiyang sanes ingkang wonten sakiwa tengen kita. Kita kedah emut, bilih Gusti Yesus mboten namung martosaken kaleresaning Injil kemawon, nanging ugi paring tuladha gesang kangge kita. Mangga kita tansah nuladha Gusti Yesus sarana gesang ingkang mbangun turut karsanipun Gusti Allah. Amin. [Bojes].

“Payo padha nuladha Gusti Yesus, uripmu bakal tentrem.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak