Waosan : 1 Korinta 15 : 1 – 11 | Pujian : KPJ. 363
Nats: “Iya Injil iku kang dadi margane kowe padha kapitulungan rahayu, anggere kowe padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakake marang kowe – kajaba ta yen anggonmu padha manjing pracaya iku mung nglaha bae.” (Ay. 2)
Nalika mandap saking salah satunggaling gunung ing tlatah Jawa Timur, kula lan sarombongan sepeda motor kuno lajeng istirahat nedha siang ing wande (warung) ingkang biyasanipun kagem panggenan istirahat. Karana sekulipun kantun sakedhik, mila kedah ngrantos sawetawis wekdal kagem bethak. Wusananipun kita saged nedha siang sesarengan, emanipun sekul kalawau rupinipun setengah mateng persis wajik klethik. Lha, mboten kanyana-nyana meh sedaya madaranipun kraos mules lajeng sami bingung balapan/rebutan dateng WC (kamar mandi) karana mencret.
Mbok bilih kedadosan punika memper klayan waosan kita ing inggil. Iman kapitadosan kita “setengah mateng”. Senaosa kita sami sampun mangretosi menapa ingkang kita pitadosi, woh dene nalika aben-ajeng kalayan kahanan lan kasunyatan gesang ingkang kebak ing panandang lan kasisahan ugi kahanan gesang ingkang sanesipun, pranyata kita mboten saged ngrumaosi bilih gesang lan pigesangan kita sayektosipun kinanthenan ing sihipun Gusti. Asring kita rumaos mboten kuwawi nyanggi momotan gesang ingkang punika saged ugi wujuding salib ingkang kedah kita pikul. Kita manut lan miturut sakpikajeng kita piyambak.
Ing dinten punika kita kaengetaken bilih kita kedah nglampahi gesang lan pigesangan sampun ngantos mangro-tingal, mangu-mangu, “setengah mateng”. Amargi iman kapitadosan ingkang makaten kalawau mboten badhe murugaken kita anampeni lan ngraosaken tentreming manah, malah kosok wangsulipun kita badhe kapitunan. Sedaya prakawis ing gesang kita tamtu badhe pinanggih kalayan berkah ingkang sampun kacawisaken dening Gusti angger kita setya tuhu lan ngantepi iman kapitadosan kita. Amin. (japri)
“Sing sapa setya tuhu kanthi antebing kalbu, bakal pinaringan rahayu”