Waosan: Lukas 12 : 49 – 56 | Pamuji: KPJ. 351
Nats: “Heh, wong lamis, semuning bumi lan langit kowe padha bisa niteni, yagene kowe ora bisa niteni kaanane jaman saiki?” (Ayat 56)
Miturut sejarahipun, serat kalatidha punika “karya sastra” ingkang awujud tembang macapat wonten basa Jawi, ingkang kaserat dening Raden Ngabehi Ranggawarsita, wetawis taun 1860. Serat punika isinipun nggambaraken kawontenaning jaman ingkang risak lan nyimpang saking maneka warni paugeraning moral, mila dipun sebat jaman edan. Ngadhepi jaman edan punika, Ranggawarsita paring piwucal supados tansah eling lan waspada, “begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada.”
Lantaran waosan punika Gusti Yesus paring piwucal dhateng tiyang Yahudi supados eling lan waspada. Piwucal punika saged kita titi priksa saking ayat 54-55. Nalika semanten masyarakat Yahudi kagungan kawasisan utawi “pengetahuan” kangge maos lan niteni pratanda alam. Ananging wonten ing waosan punika, Gusti Yesus mastani bilih masyarakat Yahudi punika munafik. Awit senadyan masyarakat Yahudi punika saged maos lan niteni pratanda alam, ewasemanten mboten saged niteni rahuwipun Gusti Yesus Sang Mesih lantaran pratandha utawi mukjizat bilih Panjenenganipun punika saestu kautus dening Gusti Allah. Masyarakat Yahudi apen-apen mboten mangertos lan ugi mboten purun ngakeni pratanda nalikanipun Gusti Yesus nyarasaken tiyang sakit lan mukjizat sanesipun.
Kita sami ngakeni bilih kawontenaning jaman lan gesang kita sangsaya dangu sansaya maju. Ewosemanten, minangka tiyang pitados kita kedah eling lan waspada ngadhepi kemajenganipun jaman punika. Awit kemajenganipun jaman mboten namung nuwuhaken samukawis ingkang sae kemawon, nanging ugi prekawis ingkang awon. Contonipun: krana kemajenganipun jaman tiyang gampil nyebar warta goroh (hoaks). Krana kemajenganipun jaman ugi, tiyang langkung betah ningali FB, WA, Instagram lsp, katimbang ngabekti dhumateng Gusti ing Greja lan maos kitab suci. Minangka umatipun Allah, kita mboten nampik lan nyelaki kemajenganipun jaman punika, nanging kita kedah eling lan waspada. Sampun ngantos kita dhawah ing dosa lan tebih saking Gusti, nanging mangga kita langkung celak dhumateng Gusti. Awit srana rumaket dhumateng Gusti ing ngriku wonten kaayeman lan katentremaning gesang. Amin. [G-mbul].
“Aja mung niteni kaanane jaman, nanging nitenana sihe Gusti.”