Merdika Renungan Harian 17 Agustus 2020

17 August 2020

Waosan : Purwaning Dumadi 43 : 1 – 34 | Pamuji : KPJ. 351 : 1, 2
Nats:
Sang Yusuf dumadakan nilar papan kono, marga panggalihe ngeres lan karanta-ranta saka kangene marang kang rayi, banjur golek papan kanggo muwun, tumuli lumebet ing kamar, muwun ana ing kono.” (Ay. 30)

Dinten punika dipun pengeti dinten kamardikan Indonesia ingkang kaping 75 taun. Tamtunipun kita rumaos bingah lan saos sokur dhateng Gusti ingkang sampun mberkahi  bangsa Indonesia ngantos 75 taun. Kita sampun mardika saking jajahan bangsa sanes (Belanda lan Jepang) nanging punapa saestu bangsa kita sampun merdika? Kula kinten dereng. Bangsa kita taksih ngadepi mawerni-werni ancaman ingkang dadosaken crah lan bubrahipun bangsa Indonesia. Kados ancaman radikalisme, teorisme, korupsi lsp. Karana punika dipun betahaken upaya kangge nglajengaken kamardikan punika kanthi pakaryan nyata kangge kemajenganipun bangsa kita.

Yusuf putranipun Bapa Yakub ing wanci alitipun dipun kuya-kuya kaliyan sederek-sederekipun. Piyambakipun dipun sade dhateng Potifar, dipun tuduh roda peksa semahipun Potifat lajeng dipun punjara. Yusuf nampi ancaman, paukuman, lan kasangsaran. Nalika ngadepi punika, Yusuf tetep pitados dhateng Gusti Allah. Pungkasanipun Yusuf kabebasaken saking penjara, dipun angkat kaliyan Firaun dados mentrinipun ingkang nata bab pangan ing Mesir. Ing waosan kita nyariosaken pepanggihanipun Yusuf kaliyan sederek-sederekipun ugi rayinipun Benyamin. Minangka tiyang ingkang “merdeka” saged kemawon Yusuf bales tumindak sederek-sederekipun ingkang sampun nguya-nguya piyambakipun. Nyatanipun Yusuf dados sarana kangge nulungi brayatipun.

Salebeting kita nderek Gusti Yesus, kita kawastanan tiyang ingkang merdika. Merdika saking dosa awit Gusti Yesus sampun nebus kita. Karana punika kamardikan ingkang kita tampi kedah kita sarengi klayan tumindak gesang ingkang temen-temen mbangun turut dhateng karsanipun Gusti. Gesang ingkang kebak kasetyan lan katresnan dhateng Gusti lan sesami. Sampun ngantos kita dipun jajah malih kaliyan dosa, inggih punika pepenginan kita lan gesang ingkang nguja hawa napsu kemawon. Mangga kita dados tiyang mardika ingkang bebas saking raos dendam, bebas saking raos sengit dhateng sesami. Sanesipun minangka warga negara Indonesia, kita saged nindakaken sedaya kewajiban lan tanggeljawab kita mbangun kemajengan lan kasaenanipun bangsa Indonesia. Merdeka! (AR).

“Kamardikan kuwi yen kita bebas saka tumindak dosa lan duraka”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak