Aja Lamis! Renungan Harian 17 Agustus 2019

17 August 2019

Bacaan : Matius 24 : 15 – 27  |  Pujian : KPJ 351
Nats:
“…. sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul ….” (ayat 24a)

Wonten ing Pembukaan Undang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia kasebataken mekaten : “Atas berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan luhur, supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekaannya“. Ing mriki cetha bilih perkawis ingkang luhur lan utami inggih punika, kamardikanipun bangsa Indonesia dipunugemi minangka berkah lan rahmat saking Gusti Allah. Tegesipun, Gusti Allah ngijabahi pambudidayanipun bangsa Indonesia kangge uwal saking rehing pangawulan lan mranata gesang sacara mandiri. Bangsa Indonesia sampun ngraosaken rekasa lan lara lapaning gesang, nanging krana bangsa Indonesia tansah sumuyud dhumateng Gusti Allah, bangsa Indonesia saged mentas saking rehing pangawulan.

Mekaten ugi ing waosan punika, Gusti Yesus tansah ngengetaken supados saben tiyang migatosaken lan njagi dirinipun nalika nempuh kasangsaran wonten ing salebetipun gesang. Kados pundi caranipun njagi? Saben tiyang kedhah nglambaraken gesangipun wonten ing Gusti Allah lan tansah jumaga. Kenging punapa tansah jumaga? Awit kathah nabi-nabi lan mesias palsu ingkang badhe ndadosaken crah lumantar anggenipun martosaken pawarta palsu. Pawartos palsu punika anggadahi tujuan nasaraken tiyang pilihan satemah gesangipun boten tentrem.

Samangke pancen saestu kelampahan punapa ingkang dipundhawuhaken Bapak Proklamator. Ing antawisipun kita asring ndadosaken gesang punika crah krana kabar-kabar palsu / hoax. Kamardikanipun bangsa Indonesia kedhah tansah dipun isi kaliyan perkawis-perkawis ingkang leres, sanes pawarta palsu utawi hoax. Gesang ingkang kebak pawarta palsu ndadosaken sudaning katentreman lan kadiwasan, awit manungsa tansah crah satunggal lan satunggalipun. Sajakipun eman sanget, menawi gesang kamardikan peparingipun Gusti Allah punika dipunlampahi kanthi gesang ingkang palsu. Salah satunggaling penyanyi ingkang kawentar ing jamanipun, inggih punika Pak Manthous nate ngripta tembang ingkang mekaten ungelipun : aja sok gampang janji wong manis, yen ta amung lamis.  Pun dados lamis, pun dados tiyang Kristen ingkang palsu! MERDEKA! (dix).

Kamardikan Kristen wujuding Gusti sampun ngluwari kita saking pangawak dursila

Renungan Harian

Renungan Harian Anak