Paukuman Renungan Harian 16 Agustus 2018

16 August 2018

Waosan: Ayub 11: 1-20 I Pamuji: KPK.25
Nats:
„Apa kowe isa njajagi wewadosing Allah, apa bisa nyumurupi wates-watese pangwaose Kang Mahakuwasa.“ (ayat 7)

„Wis dikandhani aja mlayu-mlayu kok ndableg. Saiki nek tiba ngono kuwi piye? Ngrasakne to saiki!?“ Makaten wonten tiyang sepuh ingkang ndukani putra-putri utawi wayah ingkang cilaka. Putra lan wayah ingkang dhawah ing jogan utawi ing margi dipundukani krana boten mirengaken dhawuhipun tiyang sepuh supados ngati-ati. Sanadyanta dhawahipun boten sakit sanget, nanging dhawuhipun tiyang sepuh kala wau ndadosaken batosipun katut sakit, mila lajeng nangis. Menika cara lami kangge nedahaken dhumateng lare menawi piyambakipun klentu. Ing zaman samangke benten. Cara-cara ingkang dukani lare ingkang saweg cilaka, menika sanes cara ingkang sae kangge perkembangan psikologinipun lare.

Ayub saweg nandhang cilaka. Ingkang dipun alami awrat sanget. Piyambakipun sakit, raja brananipun telas, putranipun seda, semahipun nilar piyambakipun. Sampun dhawah, kebrukan andha (sudah jatuh tertimpa tangga), makaten awrating prekawis ingkang dipun sanggi Ayub. Kathah tiyang ingkang boten mangertos menapa prekawis satemenipun ingkang dipunalami Ayub. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih bilih sedaya menika dipun alami Ayub minangka paukuman kangge piyambakipun. Mila tiyang-tiyang sami paring ular-ular, kalebet Zofar, kanca raketipun. Zofar melehaken Ayub ingkang dipun anggep nindakaken prekawis ala ing ngarsanipun Gusti. Kamangka menapa ingkang dipun alami dening Ayub menika sanes krana piyambakipun damel prekawis ala saengga dipun paringi paukuman. Sedaya menika kedadosan awit Gusti badhe mbuktekaken dhumateng Iblis bilih Ayub menika abdinipun ingkang jejeg ing iman kapitadosanipun dhumateng Gusti Allah.

Kita asring nggadhahi pamanggih ingkang kesesa dipunpundhut. Kamangka kita asring boten gaduk mangertosi Gusti Allah lan karsanipun. Mila mendah saenipun menawi kita boten kesesa njeksani prekawis ingkang kedadosan ing satengahing gesang. Menapa malih paring „paukuman“ dhateng sok sintena ingkang saweg nandhang cilaka kanthi nggadhahi pamanggih bilik sedaya menika dipun alami tiyang sanes minangka paukuman saking Gusti Allah. Mugi kita kaparingan kawicaksanan kangge mangertosi gesang. (dn)

„Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil.“ (Yokanan 7: 24).“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak