Kitab Suci Nuntun Gesang Ing Kabeneran Pancaran Air Hidup 15 September 2026

15 September 2026

Waosan: Rum 14 : 13 – 15 : 2  |  Pamuji: KPJ. 432
Nats: “Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.” (Ayat 17)

Kathah prekawis ingkang saged ndadosaken masalah, salah satunggalipun inggih punika benten pilihan ing salebeting gesang. Alasan kenging punapa benten pilihan saged ndadosaken masalah karana antawis tiyang setunggal lan sanesipun punika nggadhahi kebiasaan, pamanggih, cara pandheng, lan cara gesang ingkang benten antawis setunggal lan sanesipun. Bab ingkang benten pilihan punika asring nuwuhaken masalah bilih mboten saged dipun tampi kanthi wicaksana.

Waosan kita saking serat Rum punika nggambaraken kahanan pasamuwan Rum ingkang maneka warni asal usulipun. Ing pasamuwan Rum punika wonten tiyang Yahudi lan non Yahudi ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus. Asal usul, suku, tradisi ingkang benten punika nglairaken padatan, cara gesang, pola pikir ingkang mboten sami. Salah satunggalipun inggih punika bab dhahar lan ngunjuk ingkang dipun biji halal lan haram. Bab punika ingkang njalari masalah, punapa malih satunggal lan sanesipun mboten saged nampi lan ngasoraken sesaminipun mawi cara ingkang nglarani manah sesaminipun. Mila Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan Rum kados ing ayat 5, “Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem-rahayu, sarta suka-pirena.” Piwucal punika negesaken bilih gesangipun warga pasamuwan Rum punika sampun ngantos dados sesandhungan tumrap sanesipun. Rasul Paulus ugi ngengetaken pasamuwan ing Rum supados mboten cecongkrahan tumrap prekawis-prekawis ingkang mboten wigati, sabab punapa ingkang dipun lampahi kedahipun namung kagem kamulyanipun Gusti.

Ingkang dipun sebat dados sesandhungan punika mawerni-werni wujudipun. Contonipun laku gesang ingkang remen fitnah sesami, nglarani batos sesami klayan tembung-tembung ingkang natoni, ngadili sesami, lsp. Pramila, kita kedah nyegah lan njagi manah sarta lampah gesang kita supados kita saged mbekta tentrem-rahayu dhateng sesami, mboten namung kaliyan sesami manungsa kemawon nanging ugi dhateng sadaya titahipun Gusti. Sumangga kita ngrumaosi, njagi kasampurnaning titah punika wujud kasetyan lan tanda gesang kita katuntun dening Gusti. Amin. [GEA].

“Nglampahi gesang adhedasar kabeneran bakal nuntun dhateng tentrem rahayu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak