Waosan: Amos 7 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 62 : 1, 2
Nats: “Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung, pangandikane: “Iku uga ora bakal kelakon.” (Ayat 6)
Sedaya tiyang wiwit lare alit ngantos diwasa tamtu nate tumindak lepat salebeting gesangipun. Pitakenanipun punapa kita wantun ngakeni kalepatan kita punika lan nyuwun pangapura dhateng tiyang sanes? Sekedhik kathah mboten sedaya tiyang wantun ngakeni kalepatanipun lan nyuwun pangapura nalika piyambakipun tumindak lepat. Kawontenan punika karana piyambakipun rumaos asor bilih ngakeni lepat, kaping kalih karana piyambakipun mboten rumaos lepat senadyan tumindakipun sampun nyilakani tiyang sanes. Sejatinipun kita mboten badhe kaasoraken bilih ngakeni kalepatan kita, justru kita saged sinau saking kalepatan kita punika supados tansah ngati-ati malih anggenipun tumindak.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken Amos ingkang nampi paningal saking Gusti Allah. Ing paningalipun punika, Amos ningali anggenipun Gusti Allah duka dhateng bangsa Israel ingkang sampun mboten setya malih. Karana punika Gusti Allah badhe ngukum bangsa Israel mawi Walang lan Geni. Paukuman sepisan, Walang punika badhe nelasaken sedaya tetandhuran ingkang wonten Israel wiwit thukul ngantos sampun kaerit (Ay. 1). Paukuman kaping kalih, badhe wonten Geni ingkang mangsa samudro lan pategilan ngantos telas (Ay. 4). Ing kawontenan ingkang mekaten kalawau, Amos munjuk dhumateng Gusti Allah, nyuwun sih pangapunten dhumateng Gusti Allah, supados Gusti Allah mboten musnahaken bangsa Israel punika (Ay. 2, 5). Saking panyuwunipun Amos punika, Gusti Allah karsa ngapunten kalepatan lan dosanipun bangsa Israel. Gusti Allah mboten badhe ngukum bangsa Israel mawi Walang lan Geni punika (Ay. 3, 6).
Kita sami mangertos bilih Gusti Allah punika saestu nresnani kita. Bilih bangsa Israel ingkang kebak dosa kaparingan sih pangapunten mekaten ugi kita. Pramila ing sasi Kitab Suci punika, kita dipun engetaken supados gesang manut pangandikanipun Gusti. Mangga kita sami ngrumaosi bilih kita punika manungsa ingkang kebak kalepatan lan dosa. Mangga kita wantun ngakeni kalepatan kita dhateng sesami lan ngakeni dosa-dosa kita ing ngarsanipun Gusti. Sampun ngantos kita telat anggen kita mratobat. Bilih kita taksih kaparingan wekdal lan kasempatan mangga kita mratobat. Awit saking pamratobat kita punika, Gusti karsa ngapunten kalepatan lan dosa kita. Gusti karsa nunggil lan milujengaken gesang kita. Amin. [AR].
“Sih pangapuntenipun Gusti punika kasedyan kangge kita ingkang ngakeni dosa-dosa kita.”