Waosan: Rum 3 : 1 – 8 ǀ Pamuji: KPJ. 184
Nats: “Babar pisan ora! Malah kosokbaline: Gusti Allah iku asipat bener, lan manungsa kabeh padha dora cara, kaya kang katulisan, wiraose: ‘Supados Paduka kacihna menawi leres ing sapangandika Paduka, saha Paduka unggula manawi dipun hakimi.“ (Ayat 4)
Mangertos kaluwihan lan kakirangan piyambak punika prekawis sae, supados kita saged wujudaken kapracayan dhiri. Langkung sae malih menawi kaluwihan kita saged nuwuhaken kasaenan tiyang sanes. Ngupadi bab punika mbetahaken kawicaksanan matemah kita saged ngecakaken kaluwihan kanthi bener lan pener. Menawi mboten pener malah saged dados pepalang ing pigesangan tiyang sanes.
Pancen leres, bilih tiyang-tiyang Yahudi punika istimewa karana nampi Sabdanipun Allah ing sepisanan. Ing kitha Rum para tiyang Yahudi punika kasuwur minangka tiyang-tiyang ingkang mahir mucal bab kaleresan lan ugi nggadahi aturan moral ingkang jangkep lan ketat. Ing sangajenging bangsa sanes, para tiyang Yahudi punika rumaos nggadahi kaluwihan lan ‘nilai diri’ ingkang inggil katimbang tiyang sanesipun. Asring karana bab punika, tiyang Yahudi tumindak amoral lan nerak pranatanipun piyambak. Ing waosan punika kasebataken bilih piwucalipun Rasul Paulus dipun fitnah. Para tiyang Yahudi sami klentu anggen mangertos lan mucal bab Sih Rahmatipun Allah. Sami mitnah, bilih sansaya kathah tumindak ala, sansaya kathah katresnan ingkang badhe dipun tampi. Fitnah punika ndadosaken pepalang kanggenipun Paulus martosaken Injil Kaslametan.
Para tiyang Yahudi sampun cetha anggen nggadahi kasombongan pribadi lan ugi karohanen. Punika mboten saged nuwuhaken berkah kangge tiyang sanes lan tamtunipun ngremehaken pangwasanipun Gusti Allah. Sepinten adi, pinter, bagus, ayu, sugih lan sapiturutipun, kanyatanipun boten saged nglangkungi pangwasa saha kasetyanipun Gusti Allah. Menawi Gusti Allah sampun ngersakaken, sedayanipun saged ical. Ingkang saged kita tindakaken minangka manungsa namung sujud tumungkul ing ngarsanipun Gusti Allah kanthi andhap asoring manah, amargi kita namung lebu. Saestu, ingkang mekaten saged dados lantaraning berkah kangge tiyang sanes. Amin. [ES]
“Manungsa asale saka lemah, mangan kasile lemah, ngadek midak lemah, bakal muleh menyang lemah. Kenapa isih duwe patrap langit?”