Kacang Lali karo Kulite Pancaran Air Hidup 15 September 2021

15 September 2021

Waosan: Yesaya 10 : 12 – 20 | Pamuji: KPJ. 185 : 1, 2
Nats:
“Nanging ing wektu iku kekarene wong Israel lan wong kang bisa oncat ing antarane gelengan tedhake Rama Yakub, ora bakal sumendhe maneh marang kang ngalahake, nanging bakal sumendhe marang Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan tetep setya.” (Ayat 20).

Punapa kita tansah kemutan dhumateng Gusti nalika nampi: kapinteran, raja kaya, raja brana, kasehatan, kuwaos? Utawi nalika ngadhepi momotan lan pacoben gesang ingkang mawarni-warni? Kedahipun kita tetep kemutan dhumateng Gusti, sampun ngantos kesupen kados Raja Asyur.

Ing mangsa dados Raja, sampun misuwur bilih Raja Asyur kagungan watak ingkang gumunggung lan angkuh kumalungkung (ay. 12). Raja Asyur mujudaken punapa ingkang dados pepengenanipun, nggih punika ngrampas lan numpes bangsa-bangsa sanes kalebet Israel supados wilayah ingkang dipun kuwasani langkung wiyar. Punapa ingkang dipun lampahi dening raja Asyur punika ndadosaken Gusti Allah duka sanget. Awit raja Asyur sampun kesupen dhumateng Gusti ingkang sampun miji lan mberkahi piyambakipun dados Raja. Gusti Allah mboten remen kalian watak Raja Asyur, mila lajeng maringi paukuman supados Raja Asyur mratobat lan maringi kaadilan tumprap tiyang ingkang katindes.

Watak Raja Asyur ingkang remen nindes, gumunggung, angkuh kumalungkung, lan numpes, saged kelampahan ing gesang kita, mliginipun nalika kita punika angsal kuwaos, dados tiyang ingkang sugih, tiyang ingkang sukses, lsp. Sedaya punika saged kelampahan karana kita namung fokus kalian ingkang kita tampi, kita kesupen saos sokur dhumateng Gusti. Pramila lumantar cariyos Raja Asyur punika kita dipun engetaken dening Gusti. Kita kedah waspada lan saged ngemudeni dhiri, awit Gusti Allah tansah ngatingalaken katresnan lan kaadilanipun dhateng manungsa. Pramila saderengipun kita ngakimi tiyang sanes, mangga sami ningali gesang kita rumiyin, awit Gusti badhe maringi paukuman dhateng tiyang ingkang mbalela lan nresnani tiyang ingkang ajrih asih dhumateng Panjenenganipun. (Ry).

 “Gusti kang utami ing gesang kula.”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak