Waosan: 3 Yokanan 1 : 9 – 12 | Pamuji: KPJ. 136
Nats: “He, sadulurku kang kekasih, aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah, nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah.” (Ayat 11)
Wonten ing satunggaling komunitas alit ingkang nembe tuwuh, sadaya tiyang gesang kanthi tulung-tinulung lan angladosi sesarengan. Nanging wonten satunggaling tiyang ingkang kepengin dados ingkang utama. Piyambakipun mboten purun nampi wejangan, mboten purun nyambut damel sesarengan, malah ngremehaken tiyang sanes supados njagi kalenggahanipun. Akibatipun, swasana ingkang rumiyin sae dados awon, tuwuhipun komunitas punika dados mboten sae. Kosokwangsulipun, wonten ugi tiyang sanes ingkang mboten kathah ketingal, ananging gesangipun kebak katulusan. Piyambakipun nyengkuyung kanthi prayogi, ngiyataken, lan dados tuladha tanpa kathah wicantenan. Kawontenan piyambakipun saged dados sumbering katentremen lan mbangun kathah tiyang.
Waosan ing 3 Yokanan 1:9-12 nyariosaken babagan kalih watak ingkang benten sanget, inggih punika Dhiotrefes lan Dhemetrius. Dhiotrefes dipun gambaraken minangka tiyang ingkang kepingin dados ingkang pinunjul. Piyambakipun mboten purun nampi panguwasa rasul, remen mitenah, lan nyingkur sedherek tunggil pitados. Sipat punika nedahaken manah ingkang kebak raos gumunggung lan miturut pikajenganipun piyambak. Kosok wangsulipun Dhemetrius, dipun gambaraken minangka tiyang ingkang pikantuk paseksen sae saking sadaya tiyang. Piyambakipun nindakaken ayahanipun kanthi setya lan sae. Lumantar kalih tiyang punika, Rasul Yokanan ngemutaken umat supados sampun ngantos nuladha Dhiotrefes ingkang tumindak awon, ananging kedah nuladha Dhemetrius ingkang tumindak becik. Punika negesaken bilih saben tiyang gadhah pilihan, badhe nuladha ingkang awon, punapa ingkang becik. Temahan gesang kita punika gumantung sinten ingkang kita tuladhani.
Saking reraosan punika, swawi kita niti priksa dhateng gesang kita piyambak-piyambak, punapa kita kados Dhiotrefes punapa kados Dhemetrius? Swawi kita nuladha prekawis-prekawis ingkang sae, ingkang cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Kita kedhah wicaksana anggenipun nglampahi gesang, sampun ngantos gesang kita dados sandhungan dhateng sesami kita. Swawi kita mbangun gesang kados dene Dhemetrius, sampun ngantos kados Dhiotrefes. Amin. [DAR].
“Ambisi tanpa katresnan nuwuhaken crah.”