Waosan: 2 Para Raja 15 : 1 – 7 | Pamuji: KPJ. 257
Nats: “Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah, ngetrepi apa kang katindakake dening Sang Prabu Amazia, kang rama.” (Ayat 3)
Wonten paribasan “gajah mati ninggal gadhing” ingkang artosipun tiyang ingkang sampun seda mesthi badhe dipun “eling-eling”. Dados kenangan lan tuladha tumrap generasi selajengipun, ingkang kalandesan kaliyan tumindak, sikep, ugi pemanggihipun nalika taksih gesang.
Waosan kita wekdal punika nyariosaken Prabu Azarya ratu ing Yehuda ingkang “dipun enget” krana tumindakipun. Tindak tandukipun prabu Azarya punika tansah mratelakaken bab gesangipun, wonten ingkang dipun anggep bener ugi wonten ingkang dipun anggep duraka ing ngarsanipun Gusti Allah. Prabu Azarya jumeneng ratu ing Yehuda nalika yuswa nem belas taun. Piyambakipun ngasta paprentahan ing Yerusalem seket kalih taun dangunipun (Ay. 2). Piyambakipun nindakaken punapa ingkang leres wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, kados ingkang dipun tindakaken ramanipun Prabu Amazia (Ay. 3). Ananging kasunyatanipun saking punapa ingkang dipun gayuh dadosaken piyambakipun “angkuh”. Prabu Azarya ngowahi kasetyanipun dhumateng Gusti Allah, “Tengger-tengger pangurbanan ora diadohake” (Ay. 4). Prekawis punika ndadosaken Gusti Allah duka lan ngukum Prabu Azarya arupi sakit kusta ngantos tumekaning patinipun. Para raja Israel salajengipun ugi nindakaken punapa ingkang awon wontening paningalipun Sang Yehuwah. Amargi prabu Azarya mboten manut dhawuhipun Gusti Allah, bangsa Israel sansaya dangu gagal dados bangsa ingkang leres wonten ngarsanipun Gusti.
Sikep gesangipun prabu Azarya punika dados piwulang kangge kita, supados kita mboten niru tumindakipun ingkang awon, nanging saged ta gesang kita leres wontening ngarsanipun Allah. Gusti Allah pirsa sadaya punapa ingkang kita lampahi. Pitakenan kangge kita, “Tindak tanduk kita ingkang kados pundi ingkang dipun enget kaliyan tiyang sakiwa tengen kita? Warisan karakter ingkang sae, iman ingkang kiyat punapa laku gesang ingkang awon?” Sadaya punika kawiwitan ing samangke ngantos kita katimbalan. Sumangga kita sami budidaya karsanipun Gusti Allah ing sauruting gesang kita. Kita tansah ngupaya tumidak ingkang leres salebeting gesang kita, mboten namung supados dipun enget kaliyan sesami kita kemawon nanging ingkang utami supados gesang kita punika tansah ngluhuraken Asmanipun Gusti. Amin. [wbk].
“Tetepa tumindak becik lan setya dhumateng Gusti, temahan asmanipun Allah kaluhurna ing satengahing jagad.”