Kiyat Ngadepi Pambengan Pancaran Air Hidup 15 Oktober 2024

15 October 2024

Waosan: Wahyu 8 : 1 – 5  |  Pamuji: KPJ. 84
Nats: Bareng Sang Cempe iku nglethek segel kang kapitu, ing swarga banjur sidhem premanem watara satengah jam suwene.(Ayat 1)

Nalika ningali bal-balan, swasana saged rame, sadaya sorak kanthi sora paring semangat kangge tim ingkang dados idolanipun. Ananging nalika tim idolanipun kenging paukuman pinalti, sadaya sami sidem, nenggo lan ndedonga supados pinalti punika gagal. Sanadyan pinalti punika kasil, tim idola mboten angsal kamitenggengen lan nyerah. Saben pemain ing tim idola kedah semangat sesarengan kados pundi mulihaken kahanan lan saged menang saking tim lawan. Gol penalti mboten perlu dipun getuni, justru dados semangat supados main langkung sae.

Waosan kita punika nyariosaken paukumanipun Gusti Allah ingkang tansah gilir gumanti dipun tampi kaliyan umat lumantar pratanda segel pitu ingkang dipun bikak setunggal mboko setunggal. Nalika segel ingkang pungkasan inggih punika segel kapitu kabikak, ing Swarga banjur sidem premanem. Swarga ingkang limrahipun kagambaraken kebak sorak-sorak pepujian kagem kamulyanipun Allah, dados sidem ngrantos lan ningali punapa ingkang badhe dipun tindakaken dening Gusti Allah. Lajeng para malaikat tumindak miturut tugasipun, dados lantaran paukuman saking Gusti Allah. Punapa ingkang sampun dipun pesthi dening Gusti Allah bakal kalampahan. Manungsa mboten saged selak saking ganjaran utawi paukumanipun Gusti Allah ingkang sadayanipun saged dados pambengan ing gesang.

Ing pigesangan punika katah prekawis ingkang saged ndadosaken kita ngraosaken kasangsaran, awrat anggenipun nglampahi gesang, ajrih menawi badhe lumampah. Sadaya punika saged ndadosaken kita mandeg, mendel, sidem, amargi mboten mangertos malih punapa ingkang kedah dipun lampahi supados luwar saking pambengan ingkang wonten. Ananging kangge kita tiyang pitados, sampun ngantos kamitenggengen ningali lan ngraosaken gesang ingkang kados mekaten. Wonten pemanggih bilih kasangsaran punika kados dene “sahabat” ingkang tansah nyarengi kita. Krana punika mboten wonten ginanipun mutung ngadepi pigesangan kita. Swawi sami semangat ngadepi sadaya pacoban. Swawi sami sesarengan tulung tinulung, nyengkuyung sadaya bot repot ingkang wonten, kados dene pangandikanipun Gusti, “Padha tulung-tinulungana ing bot-repot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus”(Gal. 6:2). Amin. [Sungsang].

“Alon-alon waton kelakon, sopo tekun golek teken bakal tekan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak