Waosan : 3 Yokanan 1 : 9 – 12 | Pamuji : KPJ. 338 : 1, 2
Nats: “Lan maneh aku kabeh iya padha aweh paseksen becik tumrap dheweke, lan kowe weruh, yen paseksenku iku nyata “ (Ay. 12b).
Punapa ingkang badhe kita aturaken tumrap generasi kekinian ingkang benten sanget klayan jaman kita. Estu minangka tiyang sepuh kita ngraosaken kathah bentenipun ing jaman serba online punika. Senaosa mekaten kita taksih wonten wewengan maringi tuladha kangge gesanging iman lan budi pekerti. Kita manggihaken bilih generasi sakmangke punika angkatan ingkang tansah ngginakaken piranti komunikasi canggih lan boten winates ing wekdal ugi wilayah. Ugi semangatipun para lare ingkang gampil berbagi, duka punika gambar, berita, hiburan wonten ing madyaning media sosial. Punika minangka wewengan kita kangge nyebar pakulinan bilih dhemen paweweh dados tuladha ingkang sae lan migunani ing gesang beberayatan.
Rasul Yokanan paring piwucal dhateng Gayus salah satunggaling pelados ingkang dipun yakini wonten ing Pergamus. Piyambakipun dipun pitenah krana nampi lan ngladosi sedherekipun nunggil pitados senaosa dados orang asing wonten papan ngriku. Rasul Yokanan ngleresaken punika saha nelakaken bilih pancen punika dados kewajiban minangka pandherekipun Gusti Yesus.
Tuladha sae nampi saksederek lan mbiyantu wonten ing karepotaning liyan punika saksaged-sagedipun dados identitas para pitados ingkang kita lampahi lan dipun tingali dening para generasi milenial ingkang sakmangke sesarengan kita. Tetepa tatag lan paring tuladha sae manut kersanipun Gusti Yesus wonten ing kawontenan punapa kemawon, krana tuladha punika tetep langgeng lan dados panutanipun gesang ngantos kepareng Gusti Yesus nimbali kita. (LUV)
“Kita boten mbeta punapa-punapa dhateng donya punika, ananging kita saged paring tuladha endah wonten ing jagad punika.”