Waosan : 2 Samuel 21 : 1 – 14 | Pamuji : KPJ. 431
Nats: Pangandikane Sang Yehuwah : “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon”. (Ay. 1b).
Panjenengan tamtu nate mireng unen-unen ing basa Indonesia: “Harimau mati meninggalkan belang, gajah mati meninggalkan gading, manusia mati meninggalkan nama”. Unen-unen punika tegesipun: tiyang ingkang sae ing budi, nalika seda tamtu nilaraken nami ingkang sae, lan jasa-nipun tamtu dipun enget.
Bangsa Israel nate janji mboten mejahi lan ngusir tiyang Gibeon (Yos. 9:3-15). Wiwit punika penduduk Gibeon (ingkang sejatosipun tiyang manca, nanging angsal gesang sesarengan bangsa Israel). Malahan, umat Israel ugi sampun janji bakalan ngayomi bangsa Gibeon. Nanging Raja Saul sampun ngupadi numpes bangsa Gibeon saking tlatah Israel. Kathah tiyang Gibeon ingkang dipun pejahi dening Saul lan brayatipun. Nanging bangsa Gibeon mboten saged nglawan tumindake Saul ingkang mboten adil karana bangsa Gibeon punika alit (minoritas). Ing ngriki Saul sampun nandur bibit sesengitan (kebencian) dhateng sesaminipun. Sinaosa bangsa Gibeon namung mendel, nanging sacara kamanungsan bangsa Gibeon tamtu sampun sengit, gething dhateng bangsa Israel. Lan karana tumindake Saul lan brayatipun punika, Gusti Allah duka lan maringi paukuman dhateng Israel arupi bencana paceklik sadangune tigang tahun.
Ing satengahe gesang sesarengan ing masyarakat lan ugi ing patunggilan greja, sumangga kita sami ngupadi nandur kabecikan supados kita saged dipun enget karana tumindak sae ingkang sampun kita tandur. Sampun ngantos kita nandur sesengitan kados Saul wau. Nalika kita sampun nglampahi piawon dhateng sesami, kedahe kita enggal-enggal ngrampungi prekawis punika lumantar nyuwun pangapunten dhateng tiyang ingkang kita awoni, supados mboten ngantos nandur winih sesengitan ing manahipun sesami kita. Minangka pandherèkipun Gusti, kita kedah enget bilih nalika kita nglampahi piawon ing pigesangan kita, punika sami kaliyan kita sampun ngrisak Asmanipun Gusti, mboten urmat dhateng Gusti karana cara gesang kita. Pramila sumangga nindakaken kabecikan dhateng sesami. Amin. (DC)
“Nindakaken piwaon punika mboten namung ndadosaken kita nandur sesengitan dhateng sesami, nanging ugi sampun mboten urmat dhumateng Gusti ingkang kita bektèni”