Budaya Sokur Ing Salebeting Tumindak Pancaran Air Hidup 15 Mei 2025

15 May 2025

Waosan: Yehezkiel 2 : 8 – 3 : 11  |  Pamuji: KPJ.­­­­­­­­­­­­­­­­­ 161 : 1
Nats: “Sabanjure pangandikane marang aku mangkene: He, anaking manungsa, nggatekna lan nilingna kupingira marang sakehing pangandikaningSun marang sira.” (3:10)

Saben dinten Pak Thilik minangka tani, tansah makarya kanthi tumemen wonten ing sabinipun. Piyambakipun nandur winih, nyirami lan ugi ngrimati tanduranipun klayan sabar. Sinaosa kawontenan kadhang jawah sanget, kadhang bentèr, Pak Thilik tansah saos sokur. Mboten karana sadaya saged kelampahan kanthi sampurna, nanging karana piyambakipun yakin bilih asil panen punika minangka peparingipun Gusti. Wujuding sokur, Pak Thilik nyambut damel kanthi temen, mboten nate sambat, lan purun andum asil panenanipun dhateng tiyang ingkang mbetahaken, mboten namung dipun raos piyambak kemawon.

Waosan kita nyariosaken timbalanipun Yeheskiel dados nabi. Yeheskiel dipun timbali lan dipun utus Gusti Allah kangge ngaturaken sabdan-Ipun dhateng bangsa Israel ingkang saweg dipun bucal ing Babil, kangge ngengetaken tumrap tumindakipun bangsa Israel ingkang sampun nyimpang saking karsanipun Gusti, lan ugi ngajak bangsa punika supados purun wangsul malih dhateng Gusti. Nanging, Gusti mboten njamin bilih bangsa Israel purun ngestokaken dhawuh-Ipun  punapa mboten. Ingkang cetha, Yeheskiel kedah manut dhateng timbalan punika. Lan nyatanipun, Yeheskiel manut timbalan punika, sinaosa anggenipun nglampahi timbalan wau mboten gampil, mbetahaken raos wantun, kasetyan, lan kaiklasan.

Punapa ingkang dipun tindakaken Yeheskiel ing ngriki, saged dipun wastani wujud sokuripun dhateng Gusti. Awit piyambakipun sampun dipun timbali lan dipun utus, tegesipun piyambakipun dipun pitados dening Gusti. Pramila Yeheskiel manut lan setya, sinaosa piyambakipun mangertos bilih mboten sadaya tiyang Israel purun nampi sabdan-Ipun Gusti.

Kita ugi dipun timbali kangge gesang ing salebeting saos sokur lumantar tumindak nyata, sinaosa kita saweg ngadhepi tantangan. Budaya sokur punika mboten namung ngucap matur nuwun kemawon, nanging kados pundi tata cara gesang kita ingkang aktip. Nalika kita saos sokur dhumateng Gusti, kedahipun kita siap nglampahi punapa ingkang dados bagian kita ing salebetipun leladi dhateng sesami, nglantaraken bab kayekten, lan tetep setya tumrap timbalan kita. Gusti ngersakaken supados kita nindakaken punapa ingkang dados bagian kita, tanggel jawab kita dados paseksi, tumindak lan leladi klayan iklasing manah. Tiyang sanes purun nampi punapa nampik, tugas kita namung manut karsanipun Gusti kados Yeheskiel. Amin. [nn].

“Sokur kang sejati ora mung ana ing ati, nanging ugi ing tumindak manut lan setya dhateng Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak