Waosan: Jabur 27 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 400
Nats: “Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah, yaiku kang dakpengini muga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip, nyawang kadarmane Sang Yehuwah sarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.” (Ayat 4)
Kita sadaya tamtu ngarah dhateng gesang ingkang ngraosaken ayem. Wonten marupi-rupi pamanggih bab prekawis ingkang saged ndhatengaken raos ayem. Conto, wonten tiyang ingkang kagungan pamanggih : kita badhe ngraosaken ayem menawi nggadhahi arta ingkang kathah, mboten kekirangan bab punapa kemawon, malah kapara linangkung bab bandha donya. Wonten malih ingkang nggadhahi pamanggih bilih kita badhe ngraosaken kaayeman, menawi kita tansah sinandhingan kaliyan tiyang ingkang kita tresnani. Dhateng pundi kemawon dipun sarengi, badhe tumindak punapa kemawon tansah dipun kancani. Wonten ugi ingkang nggadhahi pamanggih, kita badhe ngraosaken ayem menawi gesang kita wonten ingkang tansah njagi, kados ta pengawal pribadhi ingkang tansah njagi tumrap kaamanan gesang kita. Nanging kanyata kanggenipun Dawud (Ay. 1), prekawis ingkang ndhatengaken kaayeman sanes bab bandha donya, pasangan, utawi juru kaamanan, ananging nalika kita manggen wonten ing padalemanipun Sang Yehuwah.
Miturut ayat 1, ingkang nganggit Jabur 27 punika Prabu Dawud. Kita mangertos bilih Dawud punika ratuning Israel sasampunipun Saul. Minangka ratu, tamtu kemawon Prabu Dawud mboten kirang-kirang bab bandha donya, mboten kirang-kirang bab bala tantra. Ananging kanyata Prabu Dawud mratelakaken bilih sanes bandha ndonya lan bala tantra ingkang ndadosaken manahipun ayem, ananging nalika piyambakipun celak kaliyan Gusti, nalika manggen wonten ing padalemanipun Sang Yehuwah. Tembung ingkang kaginakaken inggih punika padalemanipun Gusti. Tegesipun papan nalika Gusti dedalem. Padalemanipun Gusti kita maneges bilih sanes satunggaling papan tertamtu, ananging wonten pundi kemawon, nalikanipun Gusti dedalem.
Pitakenan salajengipun, kawontenan ingkang kados punapa ingkang mujudaken kawontenan nalika Gusti dedalem? Kawonten ingkang mujudaken swasana Gusti dedalem inggih punika nalika pratandhaning Kratoning Allah kapratela, bab kaadilan, katresnan, bedhamen, lan prekawis sae sanesipun. Kita sadaya tamtu ugi kepengen ngraosaken kaayeman, mila sumangga kita mujudaken pratandhaning Kratoning Allah punika srana mujudaken kaadilan, katresnan, lan bedhamen. Kita gesang sesarengan ing padalemanipun Gusti Allah. Amin. [ANS].
“Gesang ayem nalika Gusti Allah dedalem ing kita.”