Nular Renungan Harian 15 Maret 2020

15 March 2020

Waosan : Yokanan 4 : 5 – 42   |   Pamuji : KPJ. 80
Nats:
“Kacarita akeh wong Samaria ing kutha kono kang padha pracaya marang Panjenengane awit saka paseksene wong wadon mau: “Panjenengane wus mbedhek sakabehing lelakonku.” (Ay. 21)

Nalika wonten tiyang ingkang angop (menguap), biasanipun tiyang ing kiwa tengenipun boten dangu badhe ndherek angop ugi. Tegesipun boten namung penyakit ingkang saged nular, prekawis-prekawis sanes kados angop ingkang sepele sanget ugi saged nulari. Nanging wonten ing gesang kita samangke, kita tan saya sadhar, bilih boten namung bab-bab ingkang sepele kemawon ingkang nulari, bab-bab ingkang penting ugi. Raos memengsahan, raos gething lan sengit ugi saged nular kanthi gampil. Media (internet, tivi, radio, koran) samangke tan saya gampil diakses. Nalika kita ningali tiyang-tiyang ingkang memengsahan, kita lajeng milih pundi ingkang bala kita, pundi ingkang mengsah kita. Sejatosipun kita boten langsung kenging, nanging kita ndherek ngrumaosi kados ingkang kita temahi ing media.

Wonten waosan kala wau, kita saged nemahi kados pundi raos gething antawisipun tiyang Samaria (rumiyin Israel Ler) lan tiyang Yehuda (rumiyin Israel Kidul) taksih tuwuh ing antawisipun para wayah canggahipun sanadyan punika permusuhan masa lalu. Gusti Yesus asalipun saking Yehuda, awit punika tiyang estri ing waosan kita kala wau mangu-mangu badhe paring toya punapa boten dhumateng Gusti Yesus. Nanging Gusti Yesus malah ngicali raos sengit punika kanthi tawa kekancan kaliyan tiyang estri punika. Gusti ugi mucal dhumateng piyambakipun. Tiyang estri kala wau rumaos bilih sikap lan piwucalipun Gusti Yesus ngecali raos sengit lan memengsahan ingkang sampun dipun tularaken mataun-taun ing antawispun Samaria lan Yehuda. Piyambakipun lajeng nyariosaken bab punika dhumateng sedherek-sedherek sanesipun lan sedherek-sedherekipun ugi dados pitados dhumateng Gusti Yesus.

Ing mangsa samangke, raos sengit saged gampil sanget nular. Nanging boten namung bab punika, katresnan, kabingahan, pangajeng-ajeng ugi saged dados prekawis ingkang nulari. Tiyang estri kala wau ketularan katresnan saking Gusti Yesus, lajeng nularaken dhumateng para sedherekipun. Mangga ing jaman nalika kang awon punika gampil sanget nular, kita saged ngimbangi, kanthi nularaken katresnan lan kebecikan ing saben wekdal. (Gide).

“Nularaken memengsahan: nyirnaaken. Nularaken katresnan: nggesangaken”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak