Tiyang Sanes kang Dados Berkah Renungan Harian 15 Maret 2019

15 March 2019

Waosan : Purwaning Dumadi 14 : 17 – 24 | Pamuji : KPJ 357
Nats : Nuli mberkahi Abram mangkene, “Gusti Allah, ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi mugi-mugi mberkahi panjenengan! [ayat 19]

Kaunggulanipun Abram atas Kedorlaomer lan para sekutunipun dadosaken prabu Sodom lan prabu Salem pepanggihan kaliyan Abram. Prabu Salem mboten namung badhe pepanggihan kaliyan Abram, nanging badhe mberkahi Abram kanthi Asmanipun Gusti Allah. Abram ugi ngaturaken pisungsung kagem Melkisedek. Raja Sodom ngersakaken “numbas” prajuritipun Abram dipungantos raja brana asil rampasan saking para musuh. Nanging Abram boten purun. Abram malah boten purun nyenggol barang rampasan ingkang dipuntampi sanajan piyambakipun nggadhahi hak. Anggenipun Abram nolak sedaya menika krana kapitadosanipun dhateng Gusti Allah minangka sumbering kekiyatan lan berkah. Mila piyambakipun namung purun nampi berkah saking Melkisedek, nanging nampik panyuwunipun prabu Sodom.

Raja Salem ugi dipun arani Melkisedek . Panjenenganipun boten namung raja, nanging ugi Imam Agungipun Allah. Roti lan anggur ingkang d i punasta dening Melkisedek nedahaken sesambetanipun kaliyan upacara agami. Punapa ingkang dipunasta lan ugi pandonga saking imam Melkisedek minangka pangeling-eling kangge Abram dhumateng janji berkah saking Gusti Allah. Wonten tradisi ingkang nyebataken bilih Melkisedek menika malaekatipun Allah ingkang mawujud. Menapa Abram mengertosi Melkisedek kanthi sae? Boten sedaya. Mila Abram namung atur panuwun krana berkah lan pandonganganipun Melkisedek, Abram nyadhari bilih Gusti Allah ingkang paring kamenangan.

Tentrem rahayu saking Gusti Allah dhumatheng kita ingkang mawarni- warni wujudipun saged dados srana kakiyatan kagem pigesangan kita. Tiyang sanes ugi saged dados srana berkah kangge gesang kita. Mila sampun ngantos ngadhahi raos sengit dhumatheng tiyang sanes, amargi tiyang sanes meniko sarana ingkang dipunagem Gusti nglantaraken berkahipun kangge pigesangan kita. Amin. [B’Jez]

“Becik nekani tangga kang cedhak katimbang sedulur kang adoh“
(Wulang bebasan 27: 10)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak