Waosan: Yusak 1 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 118
Nats: “Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya siro oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.” (Ayat 7)
Wonten satunggaling desa, wonten tiyang ingkang nggadhahi pandamel dados tukang ukir. Nalika badhe miwiti pakaryanipun, piyambakipun tansah miwiti nggambar mawi garis lurus ing papan kayu ingkang badhe dipun ukir. Sejatosipun, garis lurus punika mboten sae lan elok dipun tingali ananging garis punika dados patokan supados ukiran ingkang dipun asilaken punika katingal sae. Nalika tukang ukir punika manut kaliyan garis lurus punika, asil ukiranipun dados endah sanget. Ananging nalika mboten ngati-ati lan nyleweng, kamangka ukiranipun dados risak. Mekaten gambaran gesangipun manungsa, bilih mboten nyleweng saking pitedahipun Gusti kamangka bakal nuwuhaken kabecikan lan kamulyaning Gusti.
Kados mekaten pangandikanipun Gusti Allah dhumateng senopati Yusak. Ing pundi, senopati Yusak kagungan jejibahan ingkang agung. Saksampunipun nabi Musa seda, senopati Yusak kedah mimpin bangsa Israel lumebet wonten ing Kanaan. Tamtu punika sanes tugas lan jejibahan ingkang gampil, amargi ingkang dipun pimpin punika bangsa ingkang ageng sanget. Wonten kahanan ingkang kados mekaten, Gusti Allah tansah paring pitulungan. Panganthinipun Gusti Allah mboten namung kaparingaken dhateng nabi Musa nanging ugi kaparingaken dhateng senopati Yusak. Panganthi lan berkah saking Gusti Allah tansah kababar kanthi syarat kedah gesang manut miturut kaliyan pitedahipun Gusti Allah. Senopati Yusak kedah gesang kados dene ingkang dipun karsakaken Gusti Allah, mboten nyeleweng ngiwa utawi nengen ananging kalawan ngati-ati condhong kaliyan angger-anggeripun Gusti Allah. Punika ingkang saged nuwuhaken pitulungan lan kamulyaning Gusti Allah.
Punapa ingkang dados sabdanipun Gusti Allah dhateng senopati Yusak ngengetaken kita supados ing pigesangan kita punika sampun ngantos kita nilar lan nyingkur Gusti Allah. Pitedah-pitedahipun Gusti Allah punika kedah dados pangenget lan panganthi gesang kita, supados berkah-berkahipun Gusti Allah tansah kababar ing pigesangan kita. Swawi kita nglampahi pigesangan kita punika kanthi tumemen, srana manut lan nindakaken pitedah-pitedahipun Gusti Allah salebeting gesang kita. Amin. [DAR].
“Sing sapa setya bakal urip mulya.”