Kompasing Gesang Sejati Pancaran Air Hidup 15 Juni 2025

15 June 2025

Waosan: Yokanan 16 : 12 – 15  |  Pamuji: KPJ­. 287
Nats: “Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane.” (Ayat 13a)

Wonten pelaut wonten ing tengah seganten ingkang peteng, mboten wonten cahya rembulan lan lintang ingkang nuntun. Kawontenan punika ndadosaken pelaut wau bingung awit mboten mangertosi dununge lampahipun kapal, matemah ngrumaosi sampun mblasar. Nanging ing kapal punika, wonten kompas ingkang nuntun dununge lampahing kapal kanthi leres. Sinaosa wonten ombak lan angin ingkang ngewahi dununge lampahing kapal, nanging kompas punika setya nuntun kapal wau dhateng tujuan ingkang leres. Pelaut punika namung kedah pitados lan manut dhateng panuntunipun kompas wau.

Ing salebeting gesang karohanen kita, Roh Suci punika kadosdene kompas ingkang nuntun lan nedahaken margi dhateng kita bab kayekten ingkang sejati. Sinaosa jagad punika kathah panggodha, tantangan, prekawis ingkang ndadosaken kita bingung, Roh Suci punika tansah nuntun kita dhateng margining kayekten lan ngeneraken kita dhateng karsanipun Gusti.  Yokanan 16:13 nedahaken prasetyanipun Gusti Yesus dhateng para sakabat-Ipun, bilih Sang Roh Suci, Roh Kayekten rawuh, Roh Suci punika badhe nuntun para sakabat dhateng kayekten ingkang sampurna. Roh Kayekten punika ugi mbikak prekawis-prekawis ingkang badhe kelampahan. Punika minangka prasetya ingkang wigati tumrap sadaya tiyang pitados, awit pigesangan punika asring mbekta kita dhateng kawontenan ingkang ndadosaken kita bingung, ajrih, sumelang, ugi mboten mangertos punapa ingkang badhe kita lampahi.

Kados dene kompas tumrap pelaut, Sang Roh Suci ugi mbiyantu kita supados mboten mblasar ing pigesangan wonten ing jagad. Roh Suci badhe nedahaken margi ingkang leres lan ngengetaken kita dhateng piwucalipun Gusti Yesus. Nanging, supados kita saged nampi piwucal punika, kita kedah mbikak manah lan penggalih kita dhateng Sang Roh Suci. Kita kedah mangun sesambetan ingkang raket lan ngestokaken dhawuhipun Gusti. Nalika kita masrahaken dhiri lan manut dhateng tuntunanipun Sang Roh Suci, kita saged ngalami lan ngraosaken kakiyatan saha katentreman, sinaosa pigesangan kita kebak reribed lan pacoben. Kita mangertos bilih kita mlampah ing margining Allah,  nglampahi gesang ing margining Allah punika ingkang saged dados paseksi sejati kita ing pigesangan. Pramila swawi kita masrahaken gesang kita supados katuntun dening Sang Roh Suci. Amin. [nn].

“Roh Suci punika minangka kompas ilahi ingkang nuntun kita nglangkungi prahara gesang, nuntun dhateng kayekten lan katentreman ingkang sejati.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak