Waosan: Jabur 92 : 1 – 5, 13 – 16 | Pamuji: KPJ. 39
Nats: “Dene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka, kawula badhe asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka.” (Ayat 5)
Pamuji sokur punika dados pratandhaning tiyang pitados. Awit srana pamuji sokur kita saged ngraosaken pakaryanipun Gusti Allah wonten ing gesang kita. Pakaryanipun Gusti Allah punika nyata salebeting gesang kita. Pramila ngucapaken pamuji sokur dhumateng Gusti Allah punika saged damel kita bingah lan manah kita kebak sukobingah.
Juru Mazmur mratelakaken bilih pengalaman dipun sarengi kaliyan Gusti Allah ing salebeting gesangipun punika mbingahaken manahipun. Senaosa pakaryanipun Gusti Allah punika mboten ketingal sacara langsung, nanging wonten ing gesang prasaja punika saged karaosaken. Contonipun kita kaparingan ambekan ingkang mboten kita sadari kanthi gratis, saged bebucal saben enjang ing jedhing, mlampah-mlampah olah raga ing wekdal enjing, adus piyambak, nedha lan ngombe ing wande utawi restoran kanthi sekeca, punika kados dene mukjijat. Mboten saben tiyang saged ngraosaken berkahipun Gusti ingkang ageng punika.
Mboten wonten alesan kangge kita mboten dipun berkahi Gusti. Hawa seger ingkang kita raosaken saben wekdal tanpa tumbas, sesawangan endah ingkang kita tingali, endahe srengenge nyunar lan angslup saben enjang lan sonten, dalah ugi swantenipun jawah nrajang genteng griya kados dene musik saking swarga kita pirengaken. Estu sedaya punika pakaryaniPun Gusti ingkang agung. Lumantar lelampahan prasaja ing alam donya, kita binerkahan dening Gusti. Manungsa namung ngolah dados sarana lan ndamel sekecaning gesang ingkang kita sebut teknologi. Sedayanipun sampun wonten lan kacawisaken ing jagad punika. Krana punika pamuji sokur dalasan saos sokur mboten nate cekap kangge bales kasaenanipun alam wah malih Gusti Allah ingkang nitahaken sedaya. Menawi kita dereng saged nelakaken saos sokur kanthi sampurna, mangga kita damel gesang kita punika tansah migunani lan mbingahaken sesami kita minangka timbalanipun lan saos sokur kita. Amin. [LUV].
“Sombong iku mateni saos panuwun, nanging andhap asoring budi kang nuwuhake rasa sokur sejati.” (Henry Ward Beecher)