Waosan: Yeremia 21 : 11 – 14 | Pamuji: KPJ. 416 : 2
Nats: “He para tedhak turune Dawud, makaten pangandikanipun Sang Yehuwah : Saben esuk nindakna putusan kang adil lan kang direbut wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya, supaya mulad-mulading bebenduningSun aja nganthi nyamber kaya geni, sarta makantar-kantar ora ana kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala!” (Ayat 12)
– Kok gedheg-gedheg, ana apa?
+ Gumun! Kok isa Pak Drembo masang foto ning ruang tamu, foto dheweke nalika salaman karo pak Bupati.
– Lha rak lumrah, to.
+ Ya mboh sih, yen aku kok aneh, ngono.
Nalika maos kitab Yeremia menika ujug-ujug Pak Dadap kemutan dialog ing nginggil. Ngantos samenika Pak Dadap radi alergi pinanggih pejabat menapa malih masang fotonipun. Awit nate ngalami kasunyatan ingkang awon. Pak Dadap nate manggihi pimpinan instansi ing salah setunggaling kitha Kabupaten. Intinipun nyuwun pirsa, “Kenging menapa serat rekomendasi dereng medal kamangka sampun 3 wulan nyuwunipun; menapa pancen sibuk luar biasa?” Wangsulanipun pimpinan instansi saestu ngagetaken Pak Dadap. “Apa sampeyan ora percaya karo pemerintah?!” Pak Dadap namung mbatos, “Lha kok aneh, mung takon ngono kok dituduh ora percaya karo pemerintah. Ga genah!”
Saking carios punika paling sekedhik wonten kalih piwucal kangge kita. Sepisan, sinten ingkang kagungan kwasa rawan kecalan nalar budi padhang. Mila menawi Panjenengan pejabat kersaa asring-asring ngilo dhateng pangandikanipun Gusti. Kaping kalih, sesambetan kita kaliyan tiyang ingkang gadhah kwasa kedah sehat: kersa ningali rekam jejak kepemimpinanipun. Andhap asor lan jejeg utawi korup, supados trep anggen kita srawung. Kadosdene Nabi Yeremia ingkang boten tedheng aling-aling nalika ngadhepi Ratu Zedekia. Nalar budi padhang dipun ginakaken, mila boten ajrih maringi pepenget dhateng Ratu Zedekia supados ngayahi tanggeljawabipun kanthi adil lan temen. (smdjn).
“Aja wedi ngelingna sapa bae yen niatmu bener!”