Sing Asor Sing Diunggulake Pancaran Air Hidup 15 Juni 2020

15 June 2020

Waosan : Purwaning Dumadi 23 : 1 – 19 | Pujian : KPJ. 266
Nats
: “Kula punika tiyang ngamanca saha neneka wonten ing antawis panjenengan keparenga kula nggadahi tanah pakuburan pamijen wonten ing tanah panjenangan punika  supados kula saged ngubur semah kula ingkang tilar donya punika” (Ay. 4)

Asring sanget kita ningali bilih wonten tiyang pitepangan biasanipun tiyang ingkang mboten andhap asor lan remen ngunggulaken dhiri, langkung remen nepangaken dhiri minangka tiyang ingkang misuwur lan remen mameraken kahanan lan punapa ingkang dipungadhahi. Menawi gadhah pangkat raja, tiyang ingkang gumunggung tamtu remen nepangaken dhiri minangka raja lan mboten mungkin bilih nepangaken dhiri minangka prajurit.  Langkung-langkung bilih raja kalawau gadhah kebetahan pribadi, mesti malah nepangaken dhiri supados punapa ingkang dipunkersaaken saged kalampahan.

Waosan kita ing dinten punika nyariosaken kahanan nalika ibu Sara semahipun Rama Abraham seda. Abraham kepingin bilih ibu Sara dipunsaerekaken datheng Makhpella. Anggenipun nyuwun panggenan punika mboten kanti gumunggung lan ngegungaken dhiri. Anangin kanthi andhap asor lan malah Rama Abraham ngaken bilih piyambakipun tiyang tebih/tiyang ngamanca. Nyenyuwun gua kangge pasaeranipun ibu Sara kanthi andhap asor. Mila ingkang gadah gua punika kalawau maringaken kanthi legawa. Piyambakipun kersa bilih gua ingkang dipungadahi punika dipuntumbas dening rama Abraham. Pancen ketawisipun perkawis bab lemah pasarean punika perkawis ingkang sejatosipun sepele. Ananging  saking ngriki  kita saged sinau bilih nalika kita kersa ngasoraken dhiri lan mboten gumunggung lan pamer bab kita punika sinten lan sapiturutipun. Tiyang sanes malah badhe paring hormat lan kita dados tiyang ingkang kinormatan awit karana kita andhap asor lan mboten gumunggung bab pangkat, kahanan lan raja brana.

Sumangga kita sami nulad tumindhakipun Rama Abraham ingkang tansah andhap asor. Kanthi mekaten malah dados tiyang ingkang dipunagungaken dening tiyang sanes ingkang ngertos sinten sejatosipun Rama Abraham sinaoso panjenenganipun nyamar. Wonten ing gesang padintenan kita sampun ngantos kita dados tiyang ingkang gumunggung, awit tiyang ingkang gumunggung malah kecalan wekdal ngasoraken dhiri lan sacara otomatis mboten saged dados saksinipun Gusti Allah. Kenging punapa to kok kita kedah andhap asor? Nggih awit Gusti Allah langkung rumiyin anggenipun tansah andhap asor lan  tansah prasaja ing gesangipun.  (ASN)

“Mlaku –mlaku nang kediri, Ojo lali tuku es buah Mangga sami ngasoraken dhiri, Awit iku sing dikersaake Allah”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak