Peraning Tiyang Estri Salebeting Brayat Pancaran Air Hidup 15 Juli 2025

15 July 2025

Waosan:  1 Yokanan 3 : 11 – 18  |  Pamuji: KPJ. 191
Nats: “He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku saja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.” (Ayat 18)

Menawi kita gatosaken kawontenaning brayat, peranipun tiyang estri ing brayat punika ageng sanget. Minangka garwa piyambakipun dados semah ingkang setya dhateng pasanganipun, dados rencang gesang ingkang nulungi pasanganipun salebeting ngadhepi maneka warni masalah. Minangka ibu, piyambakipun dados tiyang sepuh ingkang wicaksana, ingkang saged dados tuladha kangge putra-putrinipun, sarta saged gulawentah putra putrinipun punika kanthi sabar lan temen. Mekaten ugi bilih tiyang estri punika nyambut damel, sesarengan kaliyan semahipun, piyambakipun nggadhah tanggel jawab kangge nyekapi kabetahaning brayat. Pramila peranipun tiyang estri kangge brayatipun punika saestu ageng.

Rasul Yokanan ngengetaken warga pasamuwan bilih ing wiwitan mula, para warga pasamuwan sampun nampi piwucal bab katresnan dhateng sesami (Ay. 11). Sok sintena tiyang ingkang mboten nresnani sedherekipun nanging malah sengit dhateng sedherekipun, tiyang punika bakal tinemu pati (Ay. 14). Yokanan ngengetaken warga pasamuwan tumrap katresnanipun Sang Kristus ingkang sampun masrahaken nyawan-Ipun kagem nylametaken para manungsa dosa. Mila para tiyang pitados kedah nuladha Gusti Yesus, gesangipun mboten namung kangge dhirinipun piyambak nanging kangge mbantu sesaminipun ingkang kacingkrangan (Ay. 16-17). Pungkasanipun rasul Yokanan ngersakaken supados warga pasamuwan mujudaken katresnanipun dhateng para sadherekipun, mboten namung srana pangucap lan tetembungan nanging srana tumindak nyata linandesan kayekten (Ay. 18).

Ing pekan wanita punika, para tiyang estri GKJW lan kita sedaya warga GKJW dipun ajak kangge nuwuhaken katresnan sanyata. Kita wujudaken katresnan kita dhateng sesami sarana tumindak nyata. Para tiyang estri dipun timbali dados rencang damelipun Gusti lumantar peranipun, sae wonten ing brayat, pasamuwan ugi masyarakat. Lumantar peran punika, para tiyang estri saged dados paseksinipun Gusti, martosaken Kratoning Allah dhateng sok sintena kemawon. Mangga kanthi kebak semangat, kita sedaya makarya nindakaken punapa ingkang dados peran kita, gesang migunani kangge sesami. Amin. [AR].

“Wanita GKJW dados sumbering sih rahmat lumantar peranipun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak