Waosan: Jabur 65 : 10 – 14 | Pamuji: KPJ. 184
Nats: “Paduka nuweni bumi saha Paduka paring kaluberan, kalenipun Gusti Allah peres toyanipun, gandumipun Paduka cawisaken, inggih mekaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun.” (Ayat 10b)
Kabetahaning manungsa punika wonten tiga, inggih punika kabetahan primer (sandang, pangan lan papan), kabetahan sekunder (alat transportasi, alat komunikasi, hiburan), lan ugi kabetahan tersier (barang-barang ingkang dipun wastani barang mewah). Saking kathahipun kabetahan punika, manungsa tamtu ngupadi ndamel cara punapa kemawon supados saged nggayuh sadaya kabetahan-kabetahanipun punika. Matemah piyambakipun saged nglampahi gesangipun kanthi manah ingkang kebak sukabingah. Boten saged dipun selaki, bilih wonten salah satunggaling kabetahan punika ingkang boten saged kacekapan. Lajeng manungsa nggalih bilih Gusti Allah boten paring punapa ingkang dipun betahaken. Ananging, panggalih punika boten leres, awit berkahipun Gusti Allah tansah rumentah wonten ing gesangipun manungsa.
Kados dene punapa ingkang dipun alami kaliyan bangsa Israel. Juru Mazmur nggambaraken kados punapa Gusti Allah anggenipun makarya wonten ing gesangipun manungsa. Kados dene waosan kita “… kalenipun Gusti Allah peres toyanipun, gandumipun Paduka cawisaken inggih mekaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-dayanipun.” Ayat 10 punika cetha sanget anggenipun maringi pangertosan bilih berkah saking Gusti Allah punika tansah nyata wonten ing gesangipun manungsa. Lumantar siti ingkang subur saged ngasilaken woh-wohan ingkang sae, punika saged nyekapi sadaya kabetahanipun manungsa. Pramila, Juru Mazmur ngemutaken kita bilih Gusti Allah punika, Gusti ingkang tansah nyekapi lan nyawisaken sadaya kabetahan kita lan tansah paring berkah dhateng kita sadaya.
Lajeng kados pundi gesang kita? Punapa kita sampun nggadhahi raos cekap saking punapa ingkang sampun Gusti Allah paringaken dhateng kita? Punapa kita sampun saos sokur awit sadaya kesaean ingkang sampun Gusti Allah cawisaken dhateng kita? Sumangga kita tansah ngraosaken sadaya kasaeanipun Gusti Allah wonten ing gesang kita, awit Gusti Allah sampun maringaken sadaya ingkang sae wonten ing gesang kita. Lan Gusti Allah tansah nyawisaken sadaya punapa kemawon ingkang kita betahaken, angger kita nggadhahi manah ingkang kebak saos sokur. Amin. [nda].
“Manah kebak saos syukur tamtu saged ngraosaken bilih Gusti sampun nyawisaken sadaya kabetahan.”